Louis Althusser
| Jeneng pepak | Louis Pierre Althusser |
|---|---|
| Lair | 16 October 1918 Birmendreïs, French Algeria |
| Pati | 22 Oktober 1990 (umur 72) Paris, France |
| Era | 20th-century philosophy |
| Wilayah | Western Philosophy |
| Pendhidhikan | Marxism · Structuralism |
| Kawigatèn utama | Politics · Economics · Ideology |
| Gagasan wigati | The epistemological break Overdetermination Ideological state apparatuses Interpellation lacunar discourse Materialism of the Encounter |
|
Kaprabawan déning
|
|
Louis Althusser inggih menika satunggalipun filsuf aliran Marxis ingkang paling nggadhahi pengaruh wonten ing dekade 1960-an lan 1970-an.[1] Althusser lair ing taun 1918 lan tilar donya taun 1990.[1][2] Karyanipun kanthi irah-irahan Dhateng Marx (wonten ing basa Perancis Pour Marx lan Maos Modal (wonten basa Perancis Lire le Capital) damel Althusser dados misuwur ing kalangan intelektual Perancis lan saged narik kawigaten pamaos saking mancanagari.[2] Terjemahan wonten ing basa Inggris dhateng kalih karya menika ing taun 1969 lan 1970 saged nyurung ngrembakanipun pamikiran Marxis ing wewengkon ingkang ngangge basa Inggris sadangunipun tuan 1970-an.[2] Althusser lair ing Aljazair lan nelasaken sepalih saking gesangipun ing negari Perancis.[1] Pamikiranipun Althusser babagan Marxisme benten sanget kaliyan pamkiriranipun kaum Hegelian lan kaum humanis babagan Marx ingkang ngrembaka sadangunipun kalih dekade sasampunipun Perang Donya II.[1] Althusser mirsani bilih wonten benten epistemologis wonten ing dhirinipun Marx nalika panjenenganipun taksih enem lan nalika sampun wiwit sepuh.[1][2] Seratanipun Marx nalika taksih enem ingkang nggadhahi motif humanis dipunpengaruhi dening Feuerbach lan, utaminipun pamikiranipun [[Hege].[1][2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.