Lindsay Lohan
Lindsay Lohan utawa Lindsay Morgan Lohan yaiku aktris lan penyanyi kang lair ing New York, Amerika, nalika tanggal 2 Juli 1986. [1] Lindsay lair minangka aktris lan musisi. [1] Dhéwéké putri saka artis Dina Lohan. [1] Dhéwéké kalebu artis keturunan blèsteran Irlandia lan Italia. [1] Uripé sawisé dadi artis, ndadékaké uripé glamor lan bisa dipadhakaké karo Britney Spiers lan Paris Hilton. [1] Lindsay tau nduwèni hubungan kang rinaket karo artis-artis terkenal. [1] Lindsay tau kena masalah karo Paris Hilton amarga Paris Hilton nudhuh yèn Lindsay ngrebut pacaré kang jenengé Stravos. [1] Saliyané iku, Lindsay uga kekancanan karo Anna Faris, dhéwéké uga tau kena masalah karo penyanyi Hilary Duff amarga dianggep ngrebut pacaré, Aaron Carter. [1]
[sunting] Karir
Lindsay miwiti kariré nalika umur telung taun minangka modhèl ing Eileen Ford Agency. [2] Saka modhèl iku, dhéwéké mlebu ing luwih saka 60 stasiun TV, kayata panggon kanggo The Gap, Pizza Hut, Wendy's lan Jell-O (berlawanan Bill Cosby ). [2] Lohan miwiti dhebut akting minangka aktris kaping telu ing taun 1996. [2] Dhéwéké minangka Ali Flower ing drama tèlèvisi Another Word ing taun 1964.[2]