Lamia (kutha)
Lamia (basa Yunani: Λαμία) kuwi sawijining kutha ing Yunani tengah. Kutha iki minangka panggonan utawa situs ekskavasi utawa kedhukan arkeologi (sawijining istana tuwa (taun-taun pra-klasik) dirékonstruksi ing wiwitan jaman abad tengahan), lan minangka ibukutha prefecture Phthiotis lan periphery Yunani Tengah (kang dumadi saka 5 prefecture).
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jeneng
Sawetara mratélakaké yèn jeneng kutha iki dijupuk saka jeneng tokoh mitologi Yunani Lamia, putriné Poseidon, lan pangéran putri saka Trachineans. Crita liyané nuduhaké yèn kutha iki dijenengakè saka arané suku bangsa Malian, pedunung ing tlatah sakubengé. Ing abad tengahan (869 AD) Lamia diarani Zetounion, minangka kalungguhané bishop. Ditaklukaké déning bangsa Latin sawisé taun 1204, kutha iki dikenal minangka Zirtounion, Zitonion, Girton (jroning kakuwasan Frankish), (miturut [[basa Catalan) El Cito, lan basa Turki Iztin; jaman Byzantine kutha iki uga dikenal minangka Zitouni (Ζητουνι). Jeneng Zitounion kuwi pisanan dianggo jroning Sinodé Ekumene ka wolu ing taun 869, lan werna-werna liyané kamungkinan bab asalé jeneng iki. Salah siji téori mratélakaké jeneng iki manawa asalé saka istilah basa Arab: Zeitun (=zaitu), utawa kamungkinan liyané saka tembung Slav sitonion (=lemah sadhuwuré kali).
[sunting] Sajarah
Senadyan wis dipanggoni wiwit 5000 taunan sadurungé Masèhi, kutha iki pisanan disebut sawisé kadadéyan lindhu ing taun 424 SM, nalika tlatah iki dadi pangkalan militèr wigati bangsa Sparta.
[sunting] Populasi
| Taun | Populasi | Owah-owahan |
|---|---|---|
| 1981 | 41,846 | - |
| 1991 | 55,445 | +13,599/+32.50% |
| 2001 | 58,601 | +3,156/+5.69% |
[sunting] Tokoh asal Lamia
- Aris Velouchiotis (1905-1945) pamimpin gerilya Perang Donya II
- Ilias Tsirimokos (1907-1968) politisi, Perdhana Mentri Yunani
- Thanos Leivaditis (1935-2005) aktor lan penulis skénario
- Niki Bakoyianni (1968) olahragawan terjun