Ladrang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Ladrang yaiku jinising gendhing Jawa sing bedha cara nabuhe.

Ladrang form on the phrase making or colotomic instruments. p = kempyang, t = ketuk, ⋅ = pause, N = kenong, P = kempul, GONG = gong ageng.[1]

Ladrang iku sawijining wangun gendhing ana ing gamelan Jawa. Dhasar wangun gendhing iki arupa siklus saka 32 beat (keteg) kanthi urutan kaya mangkéné:

pTpW pTpN pTpP pTpN pTpP pTpN pTpP pTpG

Cathetan: p minangka thuthukan kempyang, T ketuk, P kempul, N kenong, lan G thuthukan bebarengan saka gong ageng karo kenong. Aksara tandha nuduhaké wela, yaiku jedah ora nganggo kempul. Mula saka kuwi, gong dithuthuk sepisan, kenong nuthuk kaping papat, kempul kaping pindho, ketuk kaping pindho, lan kempyang kaping pindho. Kendhang umumé nganggo gaya kendhang kalih.[2]

Ladrang iku mèmper karo ketawang kajaba papat(ora loro) nongan mujudaké sawijining gongan. Uga mèmper karo lancaran, kajaba luwih rendhet separoné, lan kempyang dimainaké ing antarané saben beat saka lancaran.[2]

Akèh ladrang nduwèni rog pérangan, yaiku ompak lan ngelik, sing saben pérangan umumé dipungkasi siji gongan. Ladrang bisa dimainaké ing irama apa waé kajaba ing irama lancar.[2]

Réferènsi[sunting]

  1. ^ Lindsay, Jennifer (1992). Javanese Gamelan, p.48-49. ISBN 0-19-588582-1.
  2. ^ a b c Sorrell, Neil (1990). A Guide to the Gamelan, p.68-69. London: Faber and Faber.


Pranala Jaba[sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ladrang&oldid=831316"