Sampak
Jroning musikgamelan Jawa, sampak iku sawijining wangun gendhing sing dianggo ing iringan pagelaran wayang. Sampak kerep dianggo sawisé srepeg. Sampak iku irama paling cepet ing gamelan sing ngiringi pagelaran wayang.
Wangun sampak yaiku:
-
- NNNNNNNN NNNNNNNN
- TPTPTPTP TPTPTPTP
ing ngendi kaloro larikan iku dimainaké bebarengan, lan T nuduhaké thuthukan kethuk, P thuthukan kempul, lan N thuthukan kenong. Kenong lan kempul tansah ditabuh seleh. Ora nganggo kempyang.
Gongané nduwèni dawa sing bèda-bèda, biasané loro, telu, utawa patang gatra, adhedhasar tandha isarat saka kendhang. Suwuk bisa dipungkasi ing pérangan ngendi waéing siklus iki, miturut aba-aba saka kendhang utawa kepyak, lan dumadi saka siji gatra sing ditabuh sawisé gong. Wangun mélodhis saka sawijining sampak iku cetha, amarga gatra-gatra arupa not sing dibolan-balèni jroning pathet. Bab iki dimainaké ing irama lancar.
Tuladha [sunting]
Sampak pélog barang:
- 2222 3333 7777
- 7777 2222 6666
- 6666 3333 2222
- Suwuk: xx22
Sampak duwé telung gongan. Tandha kanggo mungkasi bisa siji saka thuthukan gong, nalika nayaga mainané rong not sabanjuré minangka notasi normal, lan banjur 22 (kaya kacethakaké déninf tandha xx22).
Réferènsi [sunting]
- Neil Sorrell. A Guide to the Gamelan. London: Faber and Faber, 1990. Page 70.
|
||||||||||
|
|
|
|---|---|
|
Gong | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong | Saron | Demung | Slenthem | Slentho | Bonang | Gendér | Gambang | Angklung | Kecapi | Siter | Celempung | Suling | Rebab | Kendhang | Bedhug | Kecer | Kepyak | Kemanak |
|