Sléndro

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Slendro)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Slendro (ing Sundha disebut salendro) iku salah sijiné laras ing gamelan. Saliyane slendra, ana uga pélog. Ana 5 swara (nada). Slendra béda karo pelog, ing slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras slendra nduwé 5 nada neng masing-masing oktaf, yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwé béda interval swara sing cilik.

Bab lan Paragraf

[sunting] Asal-Usul

Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn ‘’slendra’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané slendra karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.

[sunting] Notasi

Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) panunggal
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nem

[sunting] Watak lan Pathet

Ing Bali, slendro digunaake kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dienggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.

Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang

[sunting] Pathet Nem

Umume ditulis ‘’slendro nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyane. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurunge tengah wengi.

[sunting] Pathet Sanga

Umume ditulis ‘’slendro sanga’’. Ana kalane uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi.

[sunting] Pathet Manyura

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang slendro liyane, pathet manyura luwih dhuwur swarane lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki dienggo ing wayah esuk, wiwitane wengi, pungkasane wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.

[sunting] Delengen Uga

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sl%C3%A9ndro&oldid=583854"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès