Labrador Retriever
| Segawon jinis Labrador Retriever | |||||||||||||||||||||||||
| Julukan | Lab, Labrador | ||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Negara asal | Kanada (Newfoundland) | ||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
| Dog (Canis lupus familiaris) | |||||||||||||||||||||||||
Labrador Retriever Canis familiaris (utawi asring dipunsebat Labrador utawi dipuncekak LAB) inggih menika salah satunggalipun jinis segawon saking pinten-pinten jinis segawon retriever, jinis segawon pistol.[1] Karakteristik Labrador Retriever inggih menika nggadhahi cakar ingkang wonten selaputipun ingkang dipunanggé nglangi ing toya.[1] Ing Kanada, Britania Raya, lan Amérika Serikat,[2] Labrador Retriever misuwur minangka segawon ingkang prodhuktif réprodhuksinipun (wiwit taun 1991).[1] Labrador Retriever ugi dados segawon ingkang paling misuwur minangka segawon pambiyantu ing Australia, Kanada, Inggris, Amérika Serikat, lan kathah negari sanèsipun.[1] Segawon menika ugi asring dipunginakaken déning polisi lan organisasi resmi sanèsipun.[1] Limrahipun segawon menika nggadhahi karakteristik atletis lan remen nglangi, dolanan ngejar lan mendhet dolanan.[1] Segawon menika ugi saged dipunginakaken kanggé panjagi.[1]
Leluhuripun Labrador Retriever asalipun saking Pulo Newfoundland, samenika mlebet provinsi Newfoundland, Kanada.[3] Generasi pendhiri labrador inggih menika St. John's Water Dog.[3] Leluhuripun segawon St. John's Water Dog boten dipunmangertosi, ananging kamengkinan kalebet campuran trah segawon saking Inggris, Irlandia, lan Portugis.[3] Segawon ing Newfoundland kamengkinan asil saking paternakan segawon St. John kaliyan mastiffs ingkang dipunbekta dhateng pulo kasebat déning nelayan portugis ing abad kaping 16.[3]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.