Keukenhof
Keukenhof (ing basa Walanda tegesé taman pawon) iku salah siji taman kembang kang ana ing Lisse, Walanda.[1] Taman iku dadi taman kembang kang paling gedhé sadonya.[1] Miturut situs resmi saka Keukenkof, ana pitung yuta kembang kang ditandur satahun sapisan ing taman iki.[1]
Keukenhof mapan ana ing tlatah Walanda Kidul, pasé ing antarané kutha Hillegom lan kutha Lisse, ing kidul Haarlem lan kidul-kulon Amsterdam.[2] Yen arep mara ing taman iki isa numpak bis saka stasiun bis Haarlem utawa Leiden.[2] Taman iki ana ing dhaerah kang jenenge Duin en Bollenstreek.[2]
Taman iki digawé taun 1949 déning walikota Lisse, ya iku sawijining kutha cilik ing sacedhaké Amsterdam.[2], kanggo gawé sawijining pamèran kembang supaya para among tani sing nandur kembang ing Walanda lan negara-negara Éropah liyané bisa mamèraké kembang sing bakal mbiyantu nagara Walanda minangka èksportir kembang paling gedhé ing donya.[2] Jroning wektu 50 taun Keukenhof wis dadi taman kembang paling gedhé ing donya.[2]
Keukenhof dibukak satahun sepisan, ing minggu pungkasan ing sasi Maret, nganti tengahan Mei. Wektu kang paling apik kanggo deleng kembang tulip iku ing sasi April, gumantung kahanane.[2]