Kastil Neuschwanstein
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 322 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Kastil Neuschwanstein | |
|---|---|
| Informasi umum | |
| Gaya arsitèktur | Romanesque Revival |
| Lokasi | Schwangau, Jerman |
| Diwiwiti | 5 September 1869 |
| Rampung | c. 1892 (unfinished) |
| Desain dan pembangunan | |
| Pemilik | Bavarian Palace Department |
| Arsitèk | Eduard Riedel |
| Insinyur sipil | Eduard Riedel, Georg von Dollmann, Julius Hofmann |
| Perancang liya | Ludwig II, Christian Jank |
Kastil Neuschwanstein ingkang mirip kaliyan Astana Disneyland menika salah satunggaling kastil utawi puri ingkang wonten ing Désa Hohenschwangau (Schwangau) boten tebih kaliyan kutha Füssen lan sisih barat daya Bayern, Jerman [1]. Kastil menika satunggal saking tiga astana kerajaan ingkang dipunbangun kanggé Louis II saking Bavaria. Kastil ingkang ugi kadang dipunwastani Mad King Ludwig menika astana kerajaan ing Pagunungan Alpen Bavaria Jerman menika dipunbangun nalika taun 1869 saking paréntah Raja Ludwig II. Ananging dumugi nalika sédanipun Louis taun 1886 bangunan menika dèrèng rampung [2].
Raja Ludwig menika pengagum komposer donya ingkang kawéntar, yaiku Richard Wagner. Kastil Neuschwanstein dipunbangun ugi minangka pakurmatan saéngga kathah kamar wonten ing dalem kastil ingkang kailhami karakter Wagner. Wonten ing lantai bangunan menika nggambaraken remening Ludwig dhateng sedaya opera karya Wagner[2].
Kasti ingkang kabangun nalika abad 19 menika kados astana ing negeri dongeng menika dipunjangkepi kaliyan teknologi lan seni kala jaman kasebut. Tuladhanipun saben kastil wonten toilet kanthi sistem mbilas otomatis saha sistem pemanas udara. Sakmenika saben taun langkung saking 1,3 juta tiyang ingkang dugi wonten papan menika [2].
Wiwitanipun kastil menika gadhah nama Kastil New Hohenschwangau, ananging bibar Raja Ludwig tilar donya nalika taun 1886 lajeng nama kastil menika dipungantos dados Kastil Neuschwanstein. [3] Nalika abad kaping 19, Kastil Neuschwanstein menika dados papan anggènipun masarakat Bavaria nyambut damel kanthi sengkut.
Sanajan para wisatawan ingkang dugi menika boten kenging motret utawi mendhet gambar interior Kastil Neuschwanstein, ananging kastil menika tansah dados tujuan utama pariwisata déning turis-turis saking mancanegara. Sadèrèngipun, Raja Ludwig boten paring ijin dhumateng para tiyang ingkang dugi ing papan menika, ananging bibar Raja Ludwig tilar donya ing taun 1886 bangunan Kastil Neuschwanstein menika dipunbikak kanggé umum. Kawontenan menika dipunlampahi amargi kanggé mbayar sapérangan utang Ludwig anggènipun ngrampungaken pambangunan Kastil Neuschwanstein menika. Kastil Neuschwanstein menika ugi sampun naté dipunginakaken minangka papan kanggé syuting film lan dados inspirasi kanggé puri Sleeping Beauty ing Taman Disneyland lan Hongkong Disneyland. [4]
Cathetan suku [sunting]
- ^ [1], Istana terindah di dunia (dipun-akses tanggal 21 November 2012).
- ^ a b c [2], Kastil (dipun-akses tanggal 21 November 2012).
- ^ (id) Keindahan KastilNeuschwanstein German, (dipunakses tanggal 7 Maret 2013)
- ^ (id) KASTIL NEUSCHWANSTEIN (Inspirasi Sleeping Beauty Disneyland), (dipunakses tanggal 7 Maret 2013)