Jose Bosingwa
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | José Bosingwa da Silva | ||
| Tanggal lair | 24 Agustus 1982 (umur 30) | ||
| Papan lair | Mbandaka, Zaire | ||
| Dhuwur | 1.83 m (6 ft 0 in) | ||
| Posisi pamain | Bèk tengen | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Chelsea | ||
| Nomer | 17 | ||
| Karir remaja | |||
| 1995–1996 | Fornos de Algodres | ||
| 1996–2000 | Boavista | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 2000–2001 | → Freamunde (loan) | 11 | (0) |
| 2001–2003 | Boavista | 41 | (0) |
| 2003–2008 | Porto | 107 | (3) |
| 2008– | Chelsea | 62 | (2) |
| Tim nasional‡ | |||
| 2003–2004 | Portugal U21 | 18 | (0) |
| 2007– | Portugal | 24 | (0) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 20:05, 18 April 2011 (UTC). † Appearances (Goals). |
|||
Jose Bosingwa utawa jeneng jangkep José Bosingwa da Silva iku pamain bal kang asalé saka Portugal (lair 24 Agustus 1982; umur 30 taun), dhéwéké kondhang kanthi sesebutan Bosingwa. Uga kagolong salah sijiné pamain bal saka Portugal kang main kanggo Chelsea FC ing Liga Premier Inggris lan tim nasional Portugal, main ing panggon bèk tengen.[1]
Lair ing Mbandaka, Zaire saka bapak wong Portugal lan ibu wong Kongo, Bosingwa pindhah karo wong tuwané nalika umuré isih enom menyang Seia, Portugal, ing Distrik Guarda.[1] Dhèwèké diangkat dadi pamain enom kanggo FC Boavista, uga dadi pamain profésional nalika disilihaké menyang SC Freamunde ing dhivisi loro, dhèwèké main dadi gelandhang.[1] Sakwisé 2 taun ing Boavista, Bosingwa nandhatangani tanggané klub yaiku FC Porto, sing dilatih Jose Mourinho kanggo mangsa 2003-2004. Dhèwèké mung main ing 11 laga. Bosingwa miwiti dhebut ing Liga Champions tanggal 16 September 2003, ananging mung imbang 1-1 karo FK Partizan.[1]
Tanggal 11 Mei 2008, FC Porto ngumumaké Bosingwa sepakat karo Chelsea FC pindhah nganggo bandrol 20.600.000 € / £ 16.3m .[2] Dhèwèké nèken kontrak telung taun karo Chelsea lan nggabung karo klub London Lor iku sakwisé Euro 2008 bareng bos tim Nasional Portugal Luiz Felipe Scolari lan kanca saknegarané Deco. Ing tanggal 16 Juli, dhèwèké resmi nduwèni nomer klambi 17, ijolan karo Scott Sinclair dadi nomor 16.[2]
Bab lan Paragraf |
Prestasi [sunting]
Klub [sunting]
Porto [sunting]
- Liga Champions UEFA: 2003-2004
- Liga Utama Portugal: 2003–04, 2005–06, 2006–07, 2007–08
- Taça de Portugal: 2005–06
- Portuguese Supercup: 2003, 2004, 2006
Chelsea [sunting]
- Liga Utama Inggris: 2009–10
- Piala FA: 2008–09, 2009–10
- Community Shield: 2009
Indhividhual [sunting]
- Euro 2008: Team of the tournament
Pranala njaba [sunting]
- (en) Profil resmi ing situs wèb Chelsea
- (en) Jose Bosingwa career stats at Soccerbase
- (en) Jose Bosingwa PortuGOAL.net profile
- (en) Statistik lan Profil ing zerozero.pt
- (en) Bosingwa fan site
Cathetan sikil [sunting]
|
|||||