Joanne Kathleen Rowling
| Joanne Kathleen Rowling | |
|---|---|
| Lair | 31 Juli 1965 (umur 47) Yate, South Gloucestershire, Inggris |
| Pagawéan | Novelis |
| Kabangsan | Britania Raya |
| Pangaruh marang | Jane Austen Geoffrey Chaucer Elizabeth Goudge C. S. Lewis Jessica Mitford E. Nesbit William Shakespeare T. H. White |
| Website | http://www.jkrowling.com |
Joanne Kathleen Rowling utawi J.K Rowling yaiku salah sawijiné pengarang novel saka negara Inggris.[1] Joanne Kathleen Rowling lair ing sasi Juli taun 1965.[2] Luwih tepaté tanggal 31 Juli 1965, Chipping Sodury, cedhak Bristol Inggris.[3]
Pendhidhikan [sunting]
Rowling sekolah ana ing SD Tutshill.[2] J.K Rowling yaiku bocah kang menengan, aneh, cupet pikiré lan ora patiya apik ing olahraga.[2] Sawisé lulus sekolah, Rowling neruské ana ing University of Exeter ing Devon.[2] Dhèwèké sinau basa Perancis.[2] Wong tuwané duwé gegayuhan yén besok Rowling bakal dadi sekretaris bilingual utawa loro basa.[2]
Miwiti Karir [sunting]
Sawisé lulus saka University of Exter, Rowling nyoba dadi juru tulis(sekretaris), ananging dhèwèké gagal dadi sekretaris sing apik.[4] Sawisé kuwi, Rowling pindah ana ing Portugal ing taun 1990 kanggo ngajar basa Inggris.[5] Ana ing kana, Dhèwèké nikah karo wartawan Portugis.[5] Jenengé yaiku Jorge Arantes ing taun 1992.[4] Rowling nglairna anak kang pisanan ing tanggal 27 Juli 1993 sing diwènèhi jeneng Jessica Isabel.[4] Sawisé pegat, Rowling pindah ing Edinburg karo anaké.[5] Dhèwèké duwèni masalah keuangan sawisé pegat.[4] Mula, dhèwèké nyoba nulis novel.[4] Novel kang kawiwitan ditulis yaiku, Harry Potter.[4] Sadurungé, akeh perusahaan percetakan kang nolak, ananging saiki novel Harry Potter dadi novel kang populèr ing donya.[4]
Cathetan suku [sunting]
- ^ (en) jkrowling.com(diundhuh tanggal 22 April 2011)
- ^ a b c d e f bloomsbury.com (diundhuh tanggal 22 April 2011)
- ^ britannnica.com (diundhuh tanggal 25 April 2011)
- ^ a b c d e f g thebiographychannel.co.uk(diundhuh tanggal 25 April 2011)
- ^ a b c nusantaraku.org(diundhuh tanggal 25 April 2011)