Jéssica Alba

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Jéssica Alba
Alba, Jessica (2007b).jpg
Jessica Alba at the 2007 Spike TV Awards
Asma wiyosan Jessica Marie Alba
Miyos 28 April 1981 (umur 31)
Pomona, California, AS
Pakaryan Aktris
Taun aktif 1994–sekarang
Sisihan Cash Warren (2008–sekarang)
Pacangan domestik Michael Weatherly (2000-2003)

Jessica Marie Alba (lair ing Pomona, California, Amerika Serikat, 28 April 1981; umur 31 taun) inggih menika aktris saking negari Amerika Serikat.[1] Alba dados aktris televisi lan aktris film. Alba miwiti karieripun ing jagad televisi lan film bioskop nalika nembe yuswa 13 taun ing Camp Nowhere lan The Secret World of Alex Mack taun 1994.[1] Alba langkung misuwur amargi dados paraga ing serial televisi Dark Angel taun 2000-2002.[1] Alba lajeng main ing film-film ingkang maneka warni kados Honey taun 2003, Sin City taun 2005, Fantastic Four taun 2005, Into the Blue taun 2005, Fantastic Four: Rise of the Silver Surfer lan Good Luck Chuck taun 2007.[1] Jessica sampun angsal kanugrahan ingkang maneka warni, kados Teen Choice Award lan Saturn Award for Best Actress on Television, lan nominasi Golden Globe kanthi aktingipun ing film Dark Angel.[1]

Alba lair ing Pomona, California saking pasangan Catherine (née Jensen) lan Mark Alba.[2] Ibunipun saking keturunan (Denmark - Kanada - Perancis), lan ramanipun keturunan (Meksiko - Amerika).[2] Jessica nggadhahi sadherek enem Joshua.[2] Ramanipun nyambut damel ing Angkatan Udara Amerika Serikat, lan sampun gantos panggenan (griya dhinas) saking Biloxi, Mississippi lan Del Rio, Texas, saderengipun kondur dhateng California sadangunipun 9 taun.[2] Alba ageng ing kulawarga konservatif, taksih nyepeng tradhisi, agaminipun Katolik, lan kulawarga Latin Amerika.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e (en)Jessica Alba:Biography on MSN dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)
  2. a b c d e (en)The Changeling dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)

[sunting] Pranala Njawi


Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Jéssica Alba ing Wikimedia Commons.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jéssica_Alba&oldid=639310"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès