Hussein saking Yordania
| Hussein | |
|---|---|
| Raja Yordania | |
| Mréntah | 11 Agustus 1952 – 7 Februari 1999 (46 taun) |
| Dipundhisiki | Talal I |
| Dipunterasaken | Abdullah II |
| Garwa | Dina bint 'Abdu'l-Hamid Antoinette Avril Gardiner Alia Baha ed din Toukan Lisa Halaby |
| Yoga | |
| Putri Alia Abdullah II saking Yordania Pangéran Faisal Putri Aisha Putri Zein Putri Haya Pangéran Ali Pangéran Hamzah Pangéran Hashim Putri Iman Putri Raiyah |
|
| Wangsa | Hashemite |
| Bapa | Talal saking Yordania |
| Ibu | Zein al Sharaf Talal |
| Miyos | 14 November 1935 Amman, Yordania |
| Tilar donya | 7 Februari 1999 (umur 63) |
| Agami | Sunni Muslim |
Hussein bin Talal (basa Arab: حسين بن طلال Ḥussayn bin Ṭalāl) (14 November 1935–7 Februari 1999) inggih menika Raja Yordania saking taun 1952 ngantos 1999.[1] Hussein menika Raja Yordania kaping tiga ingkang minangka gantos ramanipun, Raja Talal.[1] Hussein bin Talal dados raja wiwit tanggal 11 Agustus 1952 ngantos tilar donyanipun.[1] Wekdal dados raja, Hussein bin Talal dados salah satunggalipun tokoh ingkang ndhèrèk Perang Dingin lan ugi ing sekawan dékade Konflik Arab-Israel.[1] Kulawarga Hussein ngakeni bilih kulawarganipun taksih trah Nabi Muhammad kaping 42.[1]
Panjenenganipun miyos ing Amman, Yordania tanggal 14 November 1935, saking Pangéran Talal bin Abdullah lan Putri Zein al-Sharaf binti Jamil.[1] Raja Hussein nggadhahi kalih sadhèrèk jaler, Pangéran Muhammad lan putra mahkota El Hassan, lan setunggal sadhèrèk èstri, Putri Basma.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pendhidhikan
Sasampunipun lulus SMA ing Kitha Amman, Hussein nglajengaken dhateng Victoria College ing Aleksandria, Mesir.[1] Salajengipun Hussein sekolah ing Sekolah Harrow ing Inggris, lan reréncangan kaliyan Faisal II saking Irak.[1] Hussein ugi sekolah malih ing Akademi Militèr Sandhurst.[1]
[sunting] Begja Kemayangan
Tanggal 20 Juli 1951, Pangéran Hussein tindak dhateng Yerusalem badhé shalat jemunten ing Masjid Al-Aqsa kaliyan éyangipun, Raja Abdullah I.[1][2] Nalika ing Yerusalem menika, Raja Hussein I dipunperjaya ngantos tilar donya, begjanipun Hussein saged slamet saking prastawa kasebat.[1][2]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
- (en) Situs resmi