Hering Raja
| Hering Raja | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Ciconiiformes |
| kulawarga: | Cathartidae |
| Genus: | Sarcoramphus Duméril, 1805 |
| Species: | S. papa |
| Jeneng binomial | |
| Sarcoramphus papa (Linnaeus, 1758) |
|
| Distribusi burung Hering Raja | |
| Sinonim | |
|
Vultur papa |
|
Hering Raja, Nasar Raja, Ruak-ruak Bangkai Raja, Sarcoramphus papa, inggih menika kalebet spesies peksi hering Dunia Baru ingkang urip ing Amerika Tengah lan Amerika Selatan. Spesies menika kalebet ing famili Cathartidae. Peksi hering menika urip ing alas tropis dataran rendah ing Meksiko kidul ngantos Argentina ler. Peksi menika nggadhahi ukuran ingkang ageng kanthi awarni pethak, kantji wulu-wulu ing gegeripun, swiwi lan buntute nggadhahi werni klawu utawi cemeng. Endhas lan gulunipun peksi menika gundhul, kanthi werni kulit ingkang saged owah, kalebet kuning, biru, jingga, lan abrit. Ing cucukipun, peksi Hering Raja nggadhahi gelambir kuning ingkang sanget ketingal. Peksi menika pangananipun inggih menika bathang. Ngantos samenika Hering Raja minangka satunggalipun anggota genus Sarcoramphus ingkang dipun mangertosi. Wiwitanipun Hering Raja dipunandharaken dening Carolus Linnaeus ing taun 1758 wonten ing edhisi kaping-10 Systema Naturae kanthi nami Vultur papa.[2] Spesies menika lajeng dipunlebetaken wonten ing genus Sarcoramphus taun 1805 dening André Marie Constant Duméril. Genus menika asring lepat nalika dipunsebataken kanthi sesebatan Sarcorhamphus. Nama umum Sarcoramphus menika saking basa Yunani, sarco-/σαρκο- ingkang tegesipun daging lan ramphos/ραμφος ingkang tegesipun cucukipun mlengkung utawi bengkok.[3] Peksi utawi manuk menika dipunlebetaken wonten ing Gyparchus dening Constantin Wilhelm Lambert Gloger ing taun 1841, ananging klasifikasi menika boten dipunginakaken ing literatur modern amargi Sarcoramphus angsal prioritas minangka nama ingkang langkung rumiyin dipunginakaken.[4]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Species factsheet: Sarcoramphus papa. BirdLife International. URL diaksès tanggal 2007-09-11
- ↑ (la) Linnaeus, C (1758). Systema naturae per regna tria naturae, secundum classes, ordines, genera, species, cum characteribus, differentiis, synonymis, locis. Tomus I. Editio decima, reformata.. Holmiae. (Laurentii Salvii)., 86. “V. naribus carunculatis, vertice colloque denudate”
- ↑ Liddell, Henry George (1980). Greek-English Lexicon, Abridged Edition. Oxford: Oxford University Press. ISBN 0-19-910207-4.
- ↑ Peterson, Alan P. Richmond Index – GENERA Aaptus - Zygodactylus. The Richmond Index. Division of Birds at the National Museum of Natural History. URL diaksès tanggal 2008-01-17
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
- King Vulture videos wonten ing Internet Bird Collection
- Stamps (for Belize, Bolivia, El Salvador, Guatemala, Honduras, Nicaragua) kanthi RangeMap
- King Vulture photo gallery VIREO (6 photos) Photo-High Res