Harriet Beecher Stowe
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 1120 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Harriet Beecher Stowe | |
|---|---|
c. 1870s-1880s |
|
|
|
|
| Sesinglon | Christopher Crowfield |
| Lair | 14 Juni 1811 Litchfield, Connecticut, United States |
| Pati | 1 Juli 1896 (umur 85) Hartford, Connecticut, United States |
| Kulawarga | Calvin Ellis Stowe |
| Anak | Eliza Taylor, Harriet Beecher, Henry Ellis, Frederick William, Georgiana May, Samuel Charles, and Charles Edward |
| Tapak asma | |
Harriet Beecher Stowe inggih menika salah satunggalipun jurnalis, novelis lan tokoh antiperbudakan. Novel anggitanipun ’’’ Harriet Beecher Stowe’’’ ingkang irah-irahanipun ’’Uncle Tom’s Cabin’’ mawarni-warni ngengingi sistem perbudakan ing Amerika Serikat.
Bab lan Paragraf |
Mangsa alit [sunting]
Piyambakipun miyos minangka ’’’Harriet Beecher’’’ ing Litchfield, Connecticut, salah satunggalipun putra saking ’’’Lymen Beecher’’’, satunggalipun pendeta Protestan. Ibunipun seds wekdal Harriet taksih gangsal tahun. Para putranipun Beecher menika dipun gulang kanthi tradisi agami ingkang ketat lan kanthi standar moral lan etika ingkang inggil. Nanging, ramanipun menika ugi nggegulang para putranipun supados nggadhahi toleransi agami lan nyengkuyung supados para putranipun menika nggadhahi pamanggih ingkang bebas, wantun urun rembag babagan isu wigatos ing wekdal semanten. Harriet menika siswi lan samangke dados guru ing salah satunggalipun sekolah seminari kangge lare-lare èstri ing Kartford ingkang dipun keloka dening sedhèrèkipun, Catherine. Sekolah menika minangka salah satunggalipun sekolah ingkang maringaken pendidikan kanthi serius tumrapipun lare-lare èstri.
Kaluwarga Beecher pindah ing Cincinnati, Ohio, ing salebetipun tahun 1832, wekdal ’’’Lyman Beecher’’’ inpun pasrahi minangka pimpinan Lane Theological Seminary. Prastawa menika maringi kesempatan tumrapipun Harriet saperlu mirsani sedaya akibat perbudhakan ing negara tetangganipun, Kentucky, ingkang namung dipun pisahaken lepen Ohio. Ing tahun 1836, piyambakipun dhaup kaliyan Calvin Stowe, dosen sastra Injil ing Lane. Kekalihipun nggadhahi putra cacahipun pitu. Calvin menika tansah nyengkuyung minat Harriet tumrapipun sastra.
Karièr [sunting]
Ing salawase gangsal dasa tahun, Harriet menika sampun nerbitaken buku cacahipun tigang dasa buku, kalebet ugi novel kangge lare-lare lan tiyang ingkang sampun dewasa, cariyos cekak, puisi, artikel kalawarti, kajian teologis, carios perjalanan, lan pitedah praktis babagan penataan sesemahan. Gaya cariyosipun menika '’informal’’, kados menapa tiyang gineman, kados menapa ibu menapa ugi garwa biasa, nderek nyengkuyung kawentaripun Harriet menika. bukunipun ingkang sepindhahan inggih menika kempalan cerpen kanthi irah-irahan ’’The Mayflower: Sketches and Scenes and Characters among the Descendats of Puritans (1843).
Ing tahun 1850, Calvin dipun pasrahi minangka profesor ing Bowdoin College ing Brunswick, Maine.
Chathetan suku [sunting]
Réferénsi [sunting]
Horton, Rosalind, Sally Simmons. 2006. Wanita-Wanita yang Mengubah Dunia. Erlangga group: Jakarta.