Good Charlotte
| Good Charlotte | |
|---|---|
saking kiwa marang tengen: Paul Thomas, Joel Madden, Benji Madden, Dean Butterworth, and Billy Martin.
|
|
| Latar wuri | |
| Alias | GC |
| Asal | Maryland, United States |
| Génré | Pop punk, |
| Taun aktif | 1996–present |
| Label | Daylight (2000-2010), Capitol (2010-present) |
| Magepokan karo | Dead Executives, Taintstick, The Used, Wakefield, The Summer Obsession, Avenged Sevenfold |
| Situs wèb | The official Good Charlotte website |
| Anggota saiki | |
| Joel Madden Benji Madden Billy Martin Paul Thomas Dean Butterworth |
|
| Tilas anggota | |
| Aaron Escolopio Chris Wilson |
|
Good Charlotte yaiku grup musik pop-punk saka Amerika Serikat Waldorf, Maryland, Tetembangan utawa karawit kang kondhang saka grup musik iki yaiku, "The Anthem", "Girls & Boys", lan "Lifestyles of the Rich and Famous",Band Rock iki asalAmerika asalé saka Waldorf, Maryland kang dibentuk ning tanggal 1 April 1996. [1] Jeneng saka grup iki dijpuk saka buku cerita bocah "GOOD CHARLOTTE: THE GIRLS OF GOOD DAY ORPHANAGE" kang ditulis dening Carol Beach York.[1] Aliran musik band iki dipengaruhi dening Blink-182, Sum 41, NOFX, Social Distortion lan Green Day, . [1] Band iki dianggotani dening Dean Butterworth, Joel Madden, Benji Madden, Billy Martin, lan Paul Thomas.[1]
Album kang pisanan dirilis ning taun 2000 lan dadi awalé pangalaman kapisan kanggo grup musik iki.[1] Album iki isiné telung tetembangan, yaiku Little Things, Motivation Proclamation lan Festival Song.[1] Harun Escolopio tau ddai anggota saka grup band iki, lan bagiyané nyekel alat musik drama.[1] Ananging metu sadurungé album kang kaping loroné dirilis.[1] Album kang kaping loroné THE YOUNG AND HOPELESS dirilis kanggo nggabung karo band saudarané, Wakefield.[1] Lan posisiné Harun Escolopio digantikaké dening Dusty Brill.[1]
Album kang kaping loroné, THE YOUNG AND HOPELESS dirilis ning taun 2002.[1] Albumé laris banget lan payu nganti 4,9 yuta copyané.[1] Amarga album iki, Good Charlote dadi kondhang.[1] Single kang dadi unggulan saka grup band iki judulé Lifestyles of the Rich and Famous bisa dadi tetembangan kang paling apik ning kabeh daerah ning dunya.[1] Album iki uga olih sertifikat triple platinum (telung yuta eksemplar album keedol).[1]
Album kang kateluné, THE CHRONICLES OF LIFE AND DEATH, dirilis ning taun 2004.[1] Meski ora luwih sukses saka album kang kaping loroné, tetep olih respon kang apik saka panikmat musik.[1] Albumé bisa kaedol nganti 2,2 yuta eksemplar. [1] Album ini dianggap nyimpang saka album sadurungé amarga ana komposisi kang ora padha karo album sadhurungé.[1] Album iki tetep bisa ddai peringkat kaping 30 ning Inggris, kecuali kanggo lagu We Believe.[1] Taun 2005, Chris Wilson metu saka grup amarga kasehatané kang terganggu.[1]
Taun 2007 Album GOOD MORNING REVIVAL dirilis.[1] Prestasi saka album iki kurang luwih padha wae kayata album sadhurungé.[1] Sawisé kuwi album kang kaping limané CARDIOLOGY dirilis ning tanggal 2 November 2010.[1] Taun 2011, Good Carlotte gabung karo musisi liyané kanggo ngeramekaké acara Java Rockin Land ning tanggal 22 nganti tanggal 24 Juli ning Pantai Karnaval Ancol, Jakarta. [2]
Taun 2012 Saiki Good Charlotte nenggo arep ngénthasake albun anyar pijudul Cardiology. Rencananipun badhe médhal ing 2 Nopembér 2012.[3]. Good Charlotte saiki namung dadi sekawan (4) wong mawon. Nanging tasih gadhah garangipun.
Pranala Njaba [sunting]
The official Good Charlotte website