Franz Josef I saka Austria
Franz Josef I (uga diéja Franz Joseph; lair ing Wina, 18 Agustus 1830 – tilar donya ing Wina, 21 November 1916 kanthi yuswa 86 taun) iku Kaisar Austria lan Raja Bohemia saka taun 1848 tekan taun 1916, sarta Raja Apostolik Hongaria saka 1867 tekan taun 1916. Dhèwèké asalé saka Wangsa Habsburg.
Putra mbarepé Franz Karl, sing arupa saduluré Kaisar Ferdinand I, Franz uga kakangné Maximilian I saka Meksiko. Nalika umur 13 taun dhèwèké miwiti karir minangka kolonèl ing angkatan bersenjata Austria. Dhèwèké dadi Kaisar Austria nalika Ferdinand mudhun tahta nalika akir Revolusi 1848, tanggal 2 Desember 1848. Taun 1854, Franz Josef palakrama karo Putri Elizabeth saka Bayern. Anak lanang siji ontang-antingé, Putra Mahkota Rudolf, nglalu nalika taun 1889.
Nalika Perang Donya I pecah, Austria-Hongaria sekutu karo Jerman, nanging tentarané pranyata ora duwé persiapan lan piranti sing cukup. Salah siji panyebabé yaiku sikap Franz Josef sing konservatif. Dhèwèké nolak saran supaya para tentara olèh persenjataan sing anyar (jroning kasus iki, tank).
Katelu anak liyané yaiku Sophie Friederike (1855 - 1858), Gisela (1856 - 1932), lan Marie Valerie (1868 - 1924).
| Didhisiki déning: Ferdinand I |
Kaisar Austria 1848-1916 |
Diganti déning: Karl I |
| Didhisiki déning: Ferdinand I |
Raja Hongaria 1867-1916 |
Diganti déning: Karl I |
| Didhisiki déning: Ferdinand I |
Présidhèn Konfederasi Jerman 1849-1866 |
Diganti déning: Wilhelm I (minangka Présidhèn Konfederasi Jerman Lor) |