Edison Chen
| Edison Chen | |
|---|---|
Edison Chen, 2005 |
|
| Jeneng Cina | 陳冠希 (Tradhisional) |
| Jeneng Cina | 陈冠希 (Prasaja) |
| Pinyin | Chén Guānxī (Mandarin) |
| Jyutping | Can4 Gun3 hei1 (Kanton) |
| Leluhur | Shanghai, China |
| Asal | Hong Kong |
| Pakaryan | Produser rekaman, musisi, aktor, parancang busana, CEO, modhèl |
| Genre | Hong Kong hip hop, Chinese hip hop, Cantopop |
| Label(s) | Clot Media Division (2007-2008) EEG (2000-2005) |
| Taun aktif | 1999-2008; 2010-saiki |
| Wong tuwa | Edward Chen |
| Situs resmi | Official Website |
Edison Koon-Hei Chen lair tanggal 7 Oktober 1980 (umur 31), dhèwèké kuwi aktor lan penyanyi saka Hong Kong, rapper, modhèl, produser rekaman, perancang busana, lan ikon musik pop. Edison Chen miwiti karir ing indhustri hiburan Hong Kong ing taun 1999.[1] Asalé, Edison lagi liburan karo kanca-kancané lan ana panggolèk bakat kang nawani dhèwèké supaya mbintangi iklan, nalika kuwi umuré Edison nembé 19 taun.[1]
Karir filmé diwiwiti liwat peran ing film Jepang kang judhulé, "Dead Or Alive 2:Birds".[1] Ora suwé sawisé kuwi, ing taun 2000, nalika kuwi umuré 20 taun, Edison olèh kontrak rekaman karo Emperor Entertainment Group.[1]
Dhèwèké sempet ngrilis album sadurungé olèh kasempatan kanggo ngrilis album hip-hop.[1] Album hip-hopé kang kaping pisanan yakuwi album kang dujudhuli, "Please Steal This Album". Album kasebut dirilis ing sasi Februari taun 2004, karo ikon pop kang wis dadi julukané.[1] Edison uga nyoba nekuni kariré kang liya, dhèwèké wiwit nyoba donya busana.[1] Bebarengan karo partner'é yakuwi Kevin Poon lan Billy Ip, dhèwèké mbukak perusahaan CLOT inc.[1]
Ing awal taun 2008, Edison kalibat ing skandhal kang ngebohaké, foto-fotoné kang saru karo para bintang kondhang liyané, kayata Gillian Chung, Bobo Chan, Mandy Chen, Candice Chan, Rachel Ngan lan Cecilia Cheung, nyebar liwat internèt.[1]
Ing sasi Februari taun 2008, Edison wara-wara menawa dhèwèké mundur lan mandhek amarga skandhal karo para bintang kondhang kuwi.[2] [1] Kanggo ngadhemaké kahanan, dhèwèké nganakaké konfrènsi pèrs lan anjaluk ngapura.[2] Kabèh mau kuwi, amarga dhèwèké nggawa komputeré menyang réparasi.[2] Amarga kadadéyan kuwi, dhèwèké kélangan pagawéyan lan ninggalaké omah.[2] Prakara mau kuwi prakara pribadi, dhèwèké kemalingan, masarakat ngertiné kuwi mau skandhal sèks, ananging kanggo dhèwèké prakara kuwi mau dianggep dadi panyalahan privasi.[2] Dhèwèké dituduh dadi wong jahat.[2] Dhèwèké ngakoni menawa kabèh wong lanang kuwi nyenengi sèks lan mbutuhaké rasa seneng karo wanita.[2]
Aktor serba bisa iki tau meranaké tokoh antagonis ing film sekuèl "Batman Begins", "The Dark Knight" kang dirilis ing sasi Juli taun 2008.[1]