Dorolegi, Godong, Grobogan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
{{{jeneng}}}
Désa
Nagara Indonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kacamatan[[Godong, {{{jeneng dati2}}}|Godong]]

[[Kategori:Godong, {{{jeneng dati2}}}]]

[[Kategori:Désa ing Kabupatèn {{{jeneng dati2}}}]]

Dorolegi ya iku salah sawijining désa ing kacamatan Godong kang kapérang dadi 5 dukuh utawa dhusun. Limang dhusun mau ya iku Dusun Selogo, Dusun Jowan, Dusun Waruk, Dusun Dorolegi, lan dhusun Bandung. Jarak antarané Désa Dorolegi karo kutha kacamatan Godong kurang luwih 6 KM, déne jarake tumuju kutha Kabupatèn ya iku kutha Purwodadi kurang luwih 24 KM, lan jarake tumuju kutha Semarang kutha krajan provinsi kurang luwih 50 KM. Désa Dorolegi mapan ing dataran cendhèk utawa ngarai, saéngga cocog minangka tanah pertanian. Désa dorolegi uga kalebu minangka désa pengaasil beras ing Kab. Grobogan.

Rata-rata penduduke nyambut gawé minangka wong tani, kurang luwih 90%, sisané minangka PNS, pedagang, lan punggawa swasta, saéngga asil pertaniane dadi andalan penduduk. Sistem pertanian ing Désa Dorolegi migunakaké sistem irigasi reguler kanthi sumber pengairan saka waduk kedungombo. Padatan masarakat bisa nandur pari kaping pidho saben taun, ya iku mangsa rendheng lan sawisé rendheng utawa walikan. Sawisé ikun, wong tani Désa Dorolegi nandur palawija kacang ijo, jagung, semangka, lan melon.

Sanajan kagolong désa cilik lan adoh saka kutha, désa iki akèh nglairaké tokoh-tokoh kang misuwur ing nasional utawa internasional. Ing antarané tokoh-tokoh mau ya iku penyair kondhang Sitok Srengenge. Penyair kang cedhak karo WS Rendra iki asli putra Dorolegi. Kulawarga lan wong tuwané nganti seprene uga isih manggon ing désa iki. Sawisé namatake pendhidhikane ing IKIP Jakarta, Sitok uga naté yasa bengkel teater lan pungkasane nggabung karo penyair Indonesia WS Rendra.

Tokoh candhaké ya iku Moh. Farid Mustofa. Saikine dhèwèké minangka dhosèn Filsafat ing UGM Yogjakarta. Saliyané dadi dhosèn, Farid uga kerep diundhang dadi narasumber seminar utawa simposium tingkat nasional lan international ngenani terorisme. Lumantar mimbar iki, panjenengané nepis isu Islam radikalisme lan nepis isu ngenani modhèl pembelajaran ing pesantren kang disalahgunakake. Babagan iki dhedhasar panjenengané digedhèkaké lumantar pesantren ing Purwodadi tekan Krapyak Ngayogyakarta.