Dominique Strauss-Kahn
| Dominique Strauss-Kahn | |
|
|
|
| In office 1 November 2007 – 19 Mei 2011 |
|
| Didhisiki déning | Rodrigo Rato |
|---|---|
| Diganti déning | John Lipsky (Sementara) |
|
|
|
| Lair | 25 April 1949 (umur 64) Neuilly-sur-Seine, Paris, Perancis |
| Kabangsan | Perancis |
| Partai pulitik | Partai Sosialis |
| Pasangan | Anne Sinclair |
Dominique Strauss-Kahn utawa luwih dikenal karo "DSK" (lair ing Neuilly-sur-Seine, Paris, Perancis, 25 April 1949; umur 64 taun) yaiku ekonom, pengacara, lan politikus saka Perancis lan uga dadi anggota Partai Sosialis.[1] Dheweke asale saka etnis Yahudi Sephardic lan Ashkenazic.[1] Periode 1951-1960, dheweke manggon ing Agadir, Maroko.[1] Sawise kadadeyan gempa ana ing Maroko, dheweke pindah menyang Monako nalika taun 1960.[1] Dheweke balik menenh menyang Paris lan mlebu ing SMA nganti tekan oleh gelar Ph.D ana ing babagan ilmu ekonomi lan ukum saka Universiti Paris X (Nanterre).[2] Saliyane gabung karo Persatuan Pelajar Komunis, dheweke uga melu gabung ana ing Pusat Studi lan Riset Pendidikan Sosialis (CERES). Periode 1977-1982, dheweke dadi guru mikroekonomi lan makroekonomi ing University of Nancy-II (1977-1980), Ecole nationale d'administration (ENA), lan nampa gelar guru besar ekonomi ing Sciences-Po. Dheweke oleh gelar Doktor ana ing bidang Ekonomi saka Universitas Paris lan dheweke banjur kerja dadi asisten profesor ana ing universitas kuwi.[2] Taun 1978, Universitas Paris ndadekake dheweke Professor dengan tenure.[2] Ana ing jaman Perdana Menteri Lionel Jospin, dheweke njabat menteri keuangan lan ekonomi Perancis.[2] Dheweke sukses ngurangi defisit publik, kang ndadekake Perancis bisa gabung karo Uni Eropa.[2] Dheweke mundur sawise dituduh nglakokake penggelapan properti l ana ing pungkasane dheweke dinyatake bersih.[2]