Dinar
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Negara-negara kang wernané ijo tuwa saiki isih migunakaké valuta dhinar, lan kang wernané ijo enom sadurungé migunakaké dhuwit kuwi. Negara-negara sempalan Yugoslavia ditampilaké ing kiwa ngisor.
Dinar (utawa b. Arab: دينار dīnār) iku valuta resmi kang dipigunakaké sapérangan negara. Ing jaman biyèn, koin dhinar mas dipigunakaké wiwit mangsa Islam kanggo kagiyatan ijol-ijolan barang utawa jasa ing wewengkon kakalifahan. Panguwasa Islam kuwi sakjané nyonto dhuwit koin mas saka Kakaisaran Romawi Wétan (Bizantium), kang arané dēnārius auri.
Bab lan Paragraf |
Étimologi [sunting]
Tembung dīnār dijupuk saka tembung δηνάριον denarion saka basa Yunani, lan sadurungé dijupuk saka tembung dēnārius saka basa Latin.[1]
Valuta resmi [sunting]
Negara-negara kang migunakaké dhinar (utawa jeneng sing mèmper) kanggo valuta resminé, yaiku:
| Negara | Valuta | Kodhe ISO 4217 |
|---|---|---|
| Dinar Aljazair | DZD | |
| Dinar Bahrain | BHD | |
| Dinar Irak | IQD | |
| Dinar Yordania | JOD | |
| Dinar Kuwait | KWD | |
| Dinar Libya | LYD | |
| Denar Makedonia | MKD | |
| Dinar Serbia | RSD | |
| Dinar Tunisia | TND |
Galeri [sunting]
-
Sewu Dinar Serbia ndhuweni gambar rupa ilmuwan Nikola Tesla saka Serbia.
-
Wujud mancus utawa duwit emas.
Réferènsi [sunting]
Pirsani galeri bab Dinar ing Wikimedia Commons.
- ^ Oxford English Dictionary, 2nd ed., 1989, s.v. dinar; vèrsi online November 2010.