Démon
Miturut agami, mitologi, lan crita rakyat, demon (saking basa Yunani δαίμων, daimôn) inggih menika satunggalipun makhluk supernatural ingkang boten kalebet bangsa manungsa lan biasanipun dipungambaraken minangka makhluk ingkang nggadhahi sipat awon.[1] Wonten ing agami-agami Wetan Caket Kuno lan agami Abrahamaik kalebet demonologi Kristen abad kina lan abad partengahan, demon dipunanggep minangka roh kotor ingkang saged ndadosaken kesurupan lan saged dipunbiyantu kanthi eksorsisme.[1] Wonten ing bangsa okultisme kilen lan sihir Renaisans, ingkang kalebet campuhipun sihir Yunani-Romawi, demonologi Yahudi, lan tradhisi Kristen, demon inggih menika satunggalipun entitas spiritual ingkang saged dipuntimbali lan dipunkendhalikaken dening manungsa.[2] Kathah demon wonten ing bab sastra ingkang dipungambaraken minangka malaikat ingkang dhawah.[2] Basa Yunani δαίμων daimōn, satunggalipun tembung kagem spirit. Miturut kamus the Merriam-Webster maringi saking etimologi tembung Yunani saking tembung kriya (kata kerja) to divide, distribute utawi "kangge mbagi, dhistribusikaken".[2] Miturut konsep Yunani, tembung δαίμων wiwit wonten nalika jaman Plato, minangka mratelakaken pemikiranipun Socrates.[2] Kangge mbentenaken konsep pamikiran Yunani Klasik lan saking interpretasi agami Kristen, biasanipun langkung nyebat kanthi tembung daemon utawi daimon tinimbang tembung demon.[2]