Clana
Clana utawa kathok yaiku sandhangan kang dianggo ing awak bagéyan ngisor.[1] Clana dianggo nutupi awak wiwit bangkékan nganti sikil.[1] Ana uga kang diarani 'clana cendhak' yaiku clana kang dianggo nutupi bagéyan awak saka bangkékan nganti tekan dhengkul utawa sadhuwuring dhengkul.[1] Déné 'celana dawa' yaiku jinisé clana kang bisa nutupi bagéyan awak wiwit bangkékan nagnti mata sikil utawa tungkak.[1] Clana jaman biyèn mung kena dianggo wong lanang, ananging saiki clana uga dianggo wong wadon.[1]
Clana nduwèni werna-werna bentuk lan werna.[2] Celana uga digawé saka bahan kang béda-béda.[2] Bentuk clana klasik umpamané, saliyané iku uga ana clana kanthi wangun cropped, nganti modhèl paperbag (high-waist lan modhel talinan).[2] Clana kang nduwèni lipit ing bangkékan iki rada longgar ing bagéyan ndhuwur lan rada cilik utawa sesek ing bagéyan ngisoré.[2] Clana biyasané digawé modhél ana sak ing kiwa tengené, saliyané iku uga ana kang duwéni sak ing sisih mburi. [2]Clana biyasané dianggo karo sabuk, tujuwané supaya ora mlorot lan ana uga kang pancén kanggo mode utawa gaya.[2] Modhel clana kang diarani clana pensil yaiku clana yèn dianggo ukurané ngepasi karo sikil, dadi kaya mlipit sikil, saéngga kétok kaya potlot.[2] Clana ana kang digawé saka bahan katun, bludru, kain nilon.[2] Motifé uga ana kang polos kanthi werna ireng, coklat, lan werna liyané. [2]Saiki clana uga ana kang digawé kanthi motif kohak-kothak, kembang-kembang, garis-garis, lan motif army