Changsha
| NICKNAME:Xingsha | |
| Wilayah | 11.819 km² |
| Penduduk(2003) -Kepadatan |
6.017.600 509/km² |
| PDB(2003) -per kapita |
CN¥92.822 miliar ¥15,425 |
| Wali kota | Tan Zhongchi |
| Pembagian tingkat kabupaten | 5 distrik, 3 kecamatan dan 1 kutha |
| Pohon kota | kamper |
| Bunga kota | azalea |
| Kode pos | 410000 |
| Awalan nomor plat | 湘A |
| Kode telepon | 0731 |
Changsha (Cina prasaja: 长沙; Cina tradisional: 長沙; pinyin: Chángshā; Wade-Giles: Chang-sha) menika ibukota Hunan.[1] Changsha punika salah setunggaling provinsi wonten ing kidul tengah Republik Rakyat Cina.[1] Changsha manggén wonten ing hilir kali Xiangjiang, salah setunggaling anak kali Kali Yangtze. [1]Changsha wiyaripun 11.819 km² sha nggadhahi pandhudhuk kirang langkung 6.017.600 (sensus 2003).[1]
Changsha menika gadhah yurisdiksi ingkang kasusun déning gangsal distrik inggih menika (Furong, Tianxin, Yuelu, Kaifu, Yuhua), telu kecamatan (Changsha, Wangcheng, Ningxiang) saha kota Liuyang.[1] Changsha manggen wonten ing 111°53'–114°5' BT dan 27°51'–28°40' LU, wonten ing tengah bagéyan wétan Hunan. [1]Changsha menika panggénanipun manggén wonten ing papan ingkang nginggil ing kulonipun saha endhék ing wétanipun.[1] Wonten ing Changsha kathah pagunungan ing wétan saha lor.[1] Kejawi menika wonten ugi Kali Xiangjiang ingkang mili saking kidul dumugi wetan.[1] Wonten Changsha ugi wonten Gunung Yuelushan ingkang manggén wonten ing kulonipun Kali Liuyanghe.[1] Wonten ugi Kali Ladaohe (Sungai Laodao) wonten ing wetan.[1] Changsha nggadhahi iklim muson saha kalebet wilayah sub-tropik kanthi dengan temperatur saben taun kirang langkung 16.8 °C–17.2 °C, 4.6 °C nalika wulan Januari saha 28.6 °C nalika wulan Juli.[1] Curah udan wonten ing Changsha kirang langkung 1422 mm. saben taun.[1] Wonten sekawan musim ing Changsa.[1] Inggih menika musim panas ingkang lami saha panas sanget kanthi curah udan ingkang kerep, musim gugur ingkang kathah cahya srengéngé, musim dingin ingkang jarang wonten jawah saha mboten adhem sanget, saha musim semi.[1] Ing Changsha ugi wonten muséum ingkang dipunwastani Museum Changsha.[1] Museum menika misuwur kanthi peninggalan saha sejarah China kuno.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.