Changchun
Changchun (Hanzi sederhana: 长春; Hanzi tradisional: 長春; pinyin: Chángchūn) yaiku ibu kota provinsi Jilin kang manggon ing wếtan laut Cina.[1] Changchun kalebu kutha kang dadi pusat industri otomotif negara Cina.[1] Changchun nduwèni populasi kurang luwih pitung yuta wong.[1] Kutha Changchun iku kutha rada sithik polusiné lan nduwèni sejarah kang apik. [1]Kurang luwih taun 1932-1945 kutha iki dadi ibu kota Manchukuo kang dipimpin karo kaisar kang pungkasan (the Last Emperor), Pu Yi.[1] Nalika iku digawe uga miniatur Kota Terlarang utawa (Forbidden City). [1]Keledai lan grobak isih dadi alat transportasi kang utama nganti saiki.[1] Nalika taun 2007, Changchun dadi tuan rumah Asian Games Musim Dingin 2007.[1]
[sunting] Sejarah
Nalika taun 1800, Kaisar Jiaqing saka dinasti Qing milih salah sawijiné desa cilik ing sisih wetan kali Yitong lan menehi jeneng dhaérah iku "Changchun Ting". [1]Jeneng iki nalika taun 1889, diganti dadi "Changchun Fu".[1] Nalika taun 1930, penjajah Jepang nyerbu dhaérah wetan laut Cina, lan ngedegaké negara Manchuria kanthi Changchun kang dadi ibukota saka negara iku.[1] Jeneng Changchun banjur diganti dadi Xinjing.[1] Sawisé Republik Rakyat Cina mardika lan wiwit reformasi lan politik buka pintu lumaku, banjur kadadéyan owah-owahan ing Changchun.[1] Saiki, Changchun dadi kutha industri, agrikultura lan kutha dagang.[1]
Dhaếrah Perkembangan Ekonomi Jiutai Changchun nduwèni upaya kanggo ningkataké iklim investasi kanthi cara mbangun dalan-dalan lan pipa banyu.[2] Saliyané iku uga kanthi masang lampu dalan lan nggawé sirkuit sumber listrik lan komunikasi.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.