Menyang kontèn

Bratawali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bratawali
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Ranunculales
Famili: Menispermaceae
Génus: Tinospora
Spésies: T. crispa
Jeneng binomial
Tinospora crispa
(L.) Miers ex Hoff.f

Bratawali ing basa Latin dikenal kanthi jeneng Tinospora crispa L. Miers.[1][2][3] Bratawali uga nduwé jeneng laladan, ya iku butrawali, batrawali (ing basa Jawa), putrawali, andawali (ing basa Sunda), antawali (ing basa Bali), lan gandel.[2][3] Ing basa Cina, bratawali dikenal kanthi jeneng shen jin wonten ing.[4] Bratawali isih sakulawarga ing Menispermum verricosum Flem.[1][5]

Ciri Fisik

[besut | besut sumber]

Bratawali duwé godhong kang wernané ijo lan dhapuré kaya jantung utawa pedhang, kaya déné godhong suruh, rada bunder, ambané 6–12 cm.[2][3][6] Godhongé kalebu jinis godhong tunggal, duwé gagang, lan pucuké rada lancip.[2] Kembang bratawali ukurané cilik lan duwé makutha kang cacahé 6.[4][7] Kembange yèn isih mingkup wernane ijo, déné kembange kang megar wernane abang lan putih.[8] Gagang brotowali dawa lan akèh kutilé.[4] Woh brotowali yèn isih nom wernané ijo nom, déné wis mateng wernané jambon.[7]

Panggon Thukul

[besut | besut sumber]

Wit bratawali bisa tinemu thukul alasan ing alas utawa tegalan. Nanging, amarga kasiyate, akèh warga kang nandur ing latar omah utawa mburi omah.[2] Akèh kang percaya yèn bratawali asalé saka Asia Tenggara lan India.[9] Wit iki kasebar, mligi ing laladan tropis, amarga wit iki seneng urip ing panggonan kang rada panas.[2]

Kandhungan lan paédah

[besut | besut sumber]

Bratawali duwé alkaloid, damar empuk, pathi, glikosida pikroretosid, zat pait pikroretin, harsa, berberin, lan palmatin. Zat pait pikroretin bisa ngunggahna saraf supaya piranti-piranti pernafasan bisa kerja luwih apik lan mudhunaké panas.[3] Alkaloid berberina bisa matèni bakteri yèn tatu, korèngen, lan kudisen. Saliyané iku, brotowali uga duwé paédah bisa nambah nafsu mangan lan mudhunaké kadar gula.[9] Bratawali uga bisa marekaké lara memar, gatel-gatel, malaria, panas, hépatitis, diabetes, rématik, lan nambah nafsu mangan.[1][2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami Untuk Keséhatan dan Pengobatan Alternatif. Jawa Tengah: Jaya Madani
  2. a b c d e f g Inu, Ade. 1982. Kebun Apotik. Jakarta: Aries Lima Hal 5-6
  3. a b c d Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. Hal 22-23. ISBN 979-24-4807-1
  4. a b c Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal. 11-13. ISBN 979-489-308-0
  5. Tanaman obat Bratawali[pranala mati permanèn] {kajupuk tanggal 26 Fèbruari 2011 tabuh 17.24}
  6. Majalah Trubus Edisi Khusus. ISSN 0128-0057. Hal 216
  7. a b Tukiman. 2009. Pemanfaatan Tanaman Obat Kulawarga (TOGA). Sumatera Utara: Pendidikan Keséhatan dan Ilmu Perilaku Fakultas Keséhatan Masarakat
  8. Dalimarta, Setiawan. 2001. 96 Resep Tumbuhan Obat untuk Reumatik. Jakarta: Panebar Swadaya. ISBN 979-489-560-1
  9. a b Medikaholistik.com[pranala mati permanèn]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]