Barongan Blora

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barongan Blora minangka budaya suku Samin ing Blora.

Barongan Blora inggih punika salah setunggaling kagunan jinis Réyog Panaraga ingkang wonten kaliyan berkembang ing Kabupatèn Blora.[1][2][3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Ing babad Giyanti, dipun sebataken menawi Blora kalebet tlatah mancanegara ingkang tundhuk dumateng bupati Panaraga. Mila, kabudayan Panaraga ugi mengaruhi kabudayan ing Blora, salah setunggalipun inggih punika Barongan Blora.[4]

Saking agengipun pengaruh Panaraga, nama-nama klompok barongan ing Blora ugi ngginakaken nama khas Panaraga, kadosta Singa Lodra, Singo Lodaya, kaliyan Menggala. Ing lumampahipun jaman, Barongan Blora tansah nggematosaken babagan ingkang sampun dados ciri khas Barongan Panaraga utawi Réyog, wiwit saking busana, gerakan, kaliyan iringanipun. Barongan ingkang waunipun dipun lakoni tiyang kalih, sapunika namung dipun lakoni tiyang setunggal, kaliyan barong ingkang gundhul manggèn wonten ing tengah. Pamaréntah Blora mratèlakaken Barongan Blora minangka kagunan khas Blora, sanadyan ing kitha-kitha sanesipun ing Jawa Tengah taksih kathah klompok barongan ingkang dipun péntasaken tiyang kalih alias Réyog Tradhisional.[5]

Kejawi punika, wonten sajarah ingkang nyariyosaken menawi Barongan Blora dipun asta kaliyan dipun kembangaken dening Samin Surosentiko sasampunipun manggèn ing panggènan leluhuripun ing Sumoroto, Panaraga. Wekdal punika, nama réyog langkung misuwur kanthi nama Barongan. Ing babagan wujudipun, cangkemipun réyog mbikak kanthi makutha merak ingkang ageng wonten sirahipun. Nanging, natkala ing Blora angèl anggènipun mikantukaken wulu merak amargi pangawasan kolonial Walanda, wulu merakipun dipun gantos nganggé bahan serat arèn ingkang dipun bentuk kados dhadhak merak kaliyan ditlesepi sekedhik wulu merak ing serat arèn minangka rambut barongan Blora.[6]

Barongan Blora sapunika[besut | besut sumber]

Ing jaman sapunika kathah panaliti kaliyan seniman barongan nyobi ndamel cariyos piyambak babagan kagunan barongan ing Blora minangka bentuk idèntitas barongan ing Blora kanthi nyampur cariyos Bantarangin kaliyan cariyos Panji, amargi sebagéan seniman barongan ing Blora boten kersa ngakoni menawi sajarah wontenipun barongan ing Blora amargi pengaruh Panaraga sarta piranti, sandhangan, kaliyan alat musik Barongan Blora taksih gumantung saking Panaraga. Malah sawetawis seniman Barongan ing Blora nganggep menawi Réyog ing Panaraga asalipun saking Blora, kanthi ndamel cariyos piyambak. Kejawi punika, seratan Seni Réyog Panaraga ing krakap réyog ing Blora ugi dipun busak lajeng dipun gantos kaliyan seratan Seni Barong Blora utawi Seni Réyog Blora.

Perkawis punika ndadosaken para seniman Blora pecah dados sawetawis kubu.

  1. Kubu ingkang pitados menawi Barongan ing Blora taksih nggadhahi oyod utawi sajarah saking Panaraga ingkang dipun asta dhateng Blora, saking versi Babad Giyanti ngantos tokoh Samin Radèn Surosentiko, putranipun bangsawan Panaraga Radèn Surawijaya (Samin Sepuh) bin Radèn Brotodiningrat (Bupati Sumoroto, Panaraga). Mila golongan punika taksih wonten sesambungan kalih seniman kaliyan pengrajin réyog ing Panaraga.
  1. Kubu ingkang pitados menawi Barongan punika asli saking Blora ingkang lajeng ngrembaka dados Réyog ing Panaraga, sasanèsipun kagunan kadosta Beksan Jaran Képang. Sanadyan mekaten, kubu punika taksih gumantung dumateng piranti seni saking Panaraga.
  2. Kubu ingkang pitados menawi barongan namung nampilaken barongan, boten wonten lakon sanesipun.

Tata-cara, gerak tari, busana kaliyan iringanipun Barongan Blora sapunika boten bènten kaliyan ingkang wonten ing Réyog Panaraga. Pagelaran barongan ing Blora ugi nganggé lakon tari saking réyog, kadosta jathilan, warok, kaliyan bujangganong.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Ibda, Hamidulloh (2019-06-17). "Strategi Grup Barong Sardulo Krida Mustika dalam Melestarikan Seni Barongan Blora". Handep: Jurnal Sejarah dan Budaya (ing basa Inggris). 2 (2): 161–186. doi:10.33652/handep.v2i2.35. ISSN 2684-7256. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-02. Dibukak ing 2023-02-02.
  2. Kurniawan, Indra Bagus (2017). Sisi Lain Barongan Blora. Semarang: CV. Pilar Nusantara. ISBN 9786025046506.
  3. Safuan, Akhmad (2019-09-05). "Blora Bertekad Jadi Kota Barongan". Media Indonesia. Dibukak ing 2022-05-08.
  4. Yasadipura, Radèn Ngabèi (1937). Serat Kajian Sastra Klasik Babad Giyanti Jilid 1. Jakarta: Balai Pustaka.
  5. Guntur Mata Lensa (2020-01-09). "Asal Usul Barongan di Daerah Blora". Redaksi Mata Lensa. Dibukak ing 2022-05-08.
  6. Jazuli, Muhammad; Md, Slamet; Paranti, Lesa (2020-09-16). "Bentuk dan Gaya Kesenian Barongan Blora". Dewa Ruci: Jurnal Pengkajian dan Penciptaan Seni (ing basa Inggris). 15 (1): 12–19. doi:10.33153/dewaruci.v15i1.2892. ISSN 2685-287X.