Merak
- Merak uga arupa jeneng sawijining pelabuhan ing Banten. Pirsani Pelabuhan Merak.
| Merak | |
|---|---|
| Merak India | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Galliformes |
| kulawarga: | Phasianidae |
| Genus: | Pavo, Afropavo |
| spesies | |
|
P. cristatus |
|
Merak iku telu spesies manuk jroning genus Pavo lan Afropavo saka familia pitik alas (pheasant), Phasianidae.[1] Manuk lanangé duwé wulu buntut sing éndah kang bisa dimekaraké kanggo narik kawigatèn merak wadon.[2]
Merak nduwèni buntut kang mèmper kaya kipas.[3] Buntuté gedhé. Yèn dibukak katon kaya kipas.[3] Buntut merak nduwèni werna-werna kang éndah. Saliyané iku, buntut merak uga nduwèni pola.[3] Nalika ana lawan jinis utawa ana wong kang nonton, merak bakal mbukak buntuté kanggo narik kawigatèn wong kang nonton.[3] Nalika lagi mangsa kawin, merak uga mbukak buntuté.[3] Biyasané iki dilakokaké merak lanang kanggo narik kawigatèn merak wadon.[3] Déné merak wadon bakal milih merak lanang kang duwé buntut paling apik, awit yèn merak nduwèni buntut paling apik merak iku kang bisa ngasilaké katurunan kang luwih akèh lan luwih séhat tinimbang merak liyané kang buntuté luwih èlèk.[3]
Bab lan Paragraf |
Spesies [sunting]
Merak nduwèni manéka spesies, ing antarané:[4]
- Merak India, Pavo cristatus
- Merak Ijo, Pavo muticus
- Merak Kongo, Afropavo congensis
- Merak Jawa Ijo Pavo muticus muticus
Merak Ijo [sunting]
Merak ijo yaiku manuk merak kang wuluné lan buntuté didhominasi werna ijo.[5] Merak ijo nduwèni jeneng liya Green Peafow.[5] Merak ijo wadon ukurané gedhé, mèh padha kaya pitik kalkun diwasa.[5] Merak ijo mangan wiji-wijian, pucuk suket, godhong-godhongan, srangga, kéwan-kéwan cilik kayata monggo, cacing lan kadhal cilik.[5]
Merak ijo urip ing alas tropis.[6] Merak ijo bisa ditemokaké ing Taman Nasional Alas Purwo (Jawa Wétan), Taman Nasional Ujung Kulon (Banten), lan Taman Nasional Meru Betiri (Jawa Wétan).[5] Merak ijo uga ditemokaké ing èrèng-èrènging gunung Merapi ing wilayah Magelang.[5]
Ing India, manuk merak dadi simbol kuno kanggo kemuliaan lan klangengan.[7] Manuk merak kalebu manuk kang diurmati masarakat nasional India.[7]
Ngendhog [sunting]
Manuk merak wadon bakal milih manuk lanang kang wuluné paling éndah.[3] Tujuwané supaya katurunan kang diasilaké uga nduwèni bibit kang unggul utawa adaptif.[3] Manuk merak lanang kang dipilih manuk merak wadon bakal ngasilaké katurunan luwih akèh tinimbang manuk merak kang ora kepilih.[3] Umumé tangkar-tumangkar kanthi cara generatif yaiku kanthi cara seksual lan aseksual utawa vegetatif.[3] Déné merak tangkar-tumangkaré kanthi cara seksual.[3] Sawisé kawin merak banjur ngasilaké endhog kang dadi bakal anak.[3]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ (id)aip.org(diundhuh tanggal 30 Mei 2011)
- ^ (en)[Steven K. Blau (Jan. 2004) Light as a Feather: Structural Elements Give Peacock Plumes Their Color, Physics Today 57 (1), 18–20.]
- ^ a b c d e f g h i j k l m (id)books.google.co.id(diundhuh tanggal 31 Mei 2011)
- ^ (id)vivanews.com(diundhuh tanggal 31 Mei 2011)
- ^ a b c d e f (id)suaramerdeka.com(diundhuh tanggal 30 Mei 2011)
- ^ (id)burungkicauan.net(diundhuh tanggal 30 Mei 2011)
- ^ a b (id)burungkicauan.net/news-habitat-merak-biru(diundhuh tanggal 30 Mei 2011)
Pranala njaba [sunting]
- (en) Daftar Taksonomi Manuk
- (en) Data Jinis Merak
- (en) Knowledge Base