Badan Penyehatan Perbankan Nasional

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Uang 1000

Badan Penyehatan Perbankan Nasional utawi ingkang asring dipuncekak BPPN inggih punika salah satunggaling lembaga independen ingkang dipunbentuk dening pamarentah Republik Indonésia kanthi adhedasar Undhang - undhang Nomor 27 Taun 1998 ngèngingi Pembentukan BPPN. [1]Badan punika dipunbentuk kanthi tugas pokok kangge nyehataken perbankan, ngrampungaken aset ingkang gadhah masalah lan ngupayakaken kangge ngonduraken arta negara ingkang dipunsaluraken wonten ingsektor perbankan. Amargi lampahing karya kirang ngasilaken, mila ing zaman pamarentahanipun Presidhen Megawati Soekarnoputri, lembaga punika dipunbubaraken ing tanggal 27 Pebruari 2004 adhedhasar Keputusan Presidhen Nomor 15 Taun 2004 ngengingi rampungipun tugas lan dipunbubaraken BPPN.[2] Boten namung menika, Presidhen Megawati Soekarno Putri ugi nunjuk Mentri Kauangan Boediono dados Ketua Tim Pemberesan Badan Penyehatan Perbankan Nasional kanthi KEppres Nomor 16 taun 2004 ngengingi dipunbentukipun TIm kangge nberesaken BPPN. Keppres punika inggih salah satunggal saking saperangan landhesan hukum ingkang dipunwedalken dening presidhen ingkang gayut kaliyan dipunbubaraken BPPN. Kanthi dipunwedalaken Keppres punika, mila kanthi resmi BPPN dipunbubaraken.

Bab lan Paragraf

Lampahing BPPN[sunting]

Pebruari 1998[sunting]

Pamarentah kanthi Keputusan Presidhen Nomor 27 Taun 1998 mbentuk BPPN. Tugas pokokipun inggih punika kngge nyehataken perbankan, ngrampungaken aset ingkang taksih dereng rampung masalahipun, lan ngupiya saged ngonduraken arta negara ingkang melebt ing sektor perbankan. Kangge nindakaken misinipun, BPPN dipunsangoni bekel saprangkat wewenang ingkang kaserat wonten ing Keppres No. 34 Taun 1998 ngengingi Tugas lan kewenanganipun Badan Penyehatan Perbankan Nasional minangka landhesan hukup operasional.

September 1998 - Juni 1999[sunting]

GAngsal konglomrat ingkang gadhah bank ngiket piyambakipun dados Master Settlement and Acquisition Agreement (MSAA). Saben konglomerat, inggih punika Sjamsul Nursalim, Mohamad Hasan, Sudwikatmono, Soedono Salim, dan Ibrahim Risjad. Lajeng, sekawan tiyang ingkang gadhah bank inggih punika Kaharudin Ongko, Samadikun Hartono, Usman Admadjaja, lan Hokiarto, nyepakati Master Refinancing and Notes Issues Agreement (MRA). Total asetipun sangang konglomerat ingkang dipunserahaken dhateng BPPN ingkang cacahipun ngantos Rp. 111, 643 triliun.

Ketua BPPN[sunting]

No Nama Awal Jabatan Akhir Jabatan
1 Bambang Subianto Januari 1998 Maret 1998
2 Iwan Prawiranata Maret 1998 22 Juni 1998
3 Glenn MS Yusuf 22 Juni 1998 12 Januari 2000
4 Cacuk Sudarijanto 12 Januari 2000 6 November 2000
5 Edwin Gerungan 6 November 2000 25 Juni 2001
6 I Putu Gede Ary Suta 25 Juni 2001 19 April 2002
7 Syafruddin Arsjad Temenggung 19 April 2002 27 Februari 2004


Cathetan Suku[sunting]

  1. ^ (id)Keppres No 27/1998 tentang Pembentukan BPPN (dipunundhuh tanggal 6 Pebruari 2013)
  2. ^ (id)Keppres No 15/2004 tentang Pengakhiran Tugas dan Pembubaran BPPN (dipunundhuh tanggal 6 Pebruari 2013)