Bambang Sudibyo
|
Bambang Sudibyo
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 20 Oktober 2004 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Abdul Malik Fadjar |
| Pengganti | Mohammad Nuh |
|
|
|
| Mangsa jabatan 23 Oktober 1999 – 23 Agustus 2000 |
|
| Pejabat sadurungé | Bambang Subianto |
| Pengganti | Prijadi Praptosuhardjo |
|
|
|
| Lair | 8 Oktober 1952 (umur 59) |
| Agama | Islam |
Bambang Sudibyo (lair ing Temanggung, 8 Oktober 1952; umur 59 taun)[1] iku salah sijiné pulitikus, ékonom, lan akadhemisi Indonésia.[1] Bambang Sudibyo tau njabat dadi Mentri Kauangan ing Kabinèt Persatuan Nasional lan Mentri Pendhidhikan Nasional Indonésia.[2] Sanajan dadi Dhosen Teladan II taun 1989 ananging Bambang Sudibyo nduwé pamikiran pulitik lan tau mèlu ngadegaké parté pulitik (Parté Amanat Nasional).[1] Sanajan mangkono, Bambang Sudibyo ngaku yèn dhèwèké dudu praktisi pulitik.[1]
Bambang Sudibyo iku anak guru agama kang uga nduwèni profèsi dadi petani tembako lan pari ing Temanggung.[1] Bambang Sudibyo iku anak kang kaping lima saka sedulur kang cacahé 11.[1] Bambang Sudibyo sekolah SD ing Temanggung lan nerusaké ing SMP Negeri 2 Temanggung.[1] Sawisé iku, Bambang Sudibyo banjur nutugaké sekolah ing SMA Negeri 1 Temanggung.[1] Nalika taun 1972, nalika umuré 18 taun Bambang Sudibyo banjur lunga menyang Yogyakarta amarga nerusaké sekolahé.[1] Bambang kuliyah ing jurusan Akuntansi Fakultas Ekonomi Universitas Gajah Mada (UGM).[1] Bambang bisa ngrampungaké kuliyahé kanthi gelar S1 lan dadi Sarjana Ekonomi nalika taun 1977.[1] Sawisé iku Bambang ditawani dadi dhosèn UGM, lan wiwit taun 1978 Bambang mulang ing UGM.[1]
Nalika taun 1979, Bambang palakrama karo Retno Sunarminingsih kang asalé saka kluwarga guru.[1] Sawisé palakrama, bojoné dadi dhosèn farmasi ing Universitas Gajah Mada (UGM).[1] Saiki, bojoné njabat dadi salah sijiné Wakil Rektor babagan Panelitèn ing UGM lan nduwèni gelar profèsor doktor.[1] Saka bebrayané iki, Bambang Sudibyo nduwèni anak kang jenengé Dananta Adi Nugraha lan Harintho Budhi Wibowo.[1]
