Asam sinamat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Asam sinamat
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [140-10-3]
PubChem 444539
Sifat
Rumus molekul C9H8O2
Massa molar 148.17 g/mol
Panampilan kristal
Densitas 1.2475 g/cm3
Titik leleh

134 °C

Titik umob

300 °C

Kelarutan dalam air 0.4 g/L
Kelarutan dalam chloroform, ethanol, methanol kloroform 0.93 M, etanol 0.86 M, metanol 1.1 M Solubility of cinnamic acid in non-aqueous solvents
Kaasaman (pKa) 4.44
Bahaya
Klasifikasi EU Irritant (Xi)
Frasa-R Cithakan:R36
Frasa-S Cithakan:S25
Titik murub >110 °C
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asam sinamat duweni rumus kimia C6H5CHCHCOOH utawa C9H8O2, awujud kristal putih, sithik kang larut ing banyu, lan duweni titik leleh 133°C sarta titik didih 300°C.[1] Asam sinamat kalebu senyawa fenol kang diasilake saka lintasan asam sikimat lan reaksi candhake.[1] Bahan dasare yaiku fenilalanin lan tirosin padha karo asam kafeat, asam p-kumarat, lan asam ferulat.[1] Patang senyawa mau wigati ora amarga cacahe akeh ing bentuk tak terikat (bebas), nanging amarga kabeh mau dioawahi dadi pirang-pirang turunan ing sisih protein.[1] Turunane kalebu fitoaleksin, kumarin, lignin, lan pirang-pirang flavonoid kayata antosianin.[1]

Biosintesis[sunting | sunting sumber]

Biosintesis utawa pambentukan saka senyawa flavonoid, stilben, hidroksisinamat (turunan asam sinamat kang ngandhut gugus hidroksil utawa -OH kayata asam kafeat, asam ferulat, lan asam p-kumarat) lan asam fenol nglibatake jaringan kompleks saka lintasan asam sikimat, fenilpropanoid, lan flavonoid.[2] Reaksi wigati ing pambentukan asam sinamat lan pirang-pirang turunane yaiku pangowahan fenilalanin dadi asam sinamat lumantar proses deaminasi utawa pelesan amonia saka fenilalanin kanggo mbentuk asam sinamat.[1] Reaksi iki dikaalisis dening enzim fenilalanin amonia liase. Banjur asam sinamat diowahi dadi p-kumarat kanthi penambahan siji atom oksigen saka O2 lan atom H saka NADPH langsung ing posisi para saka asam sinamat (posisi atom karbon kaping papat diitung saka gugus asam sinamat ing ali-ali benzena).[1] Panambahan maneh ing gugus hidroksil (OH) liyane ing sisih gugus OH saka asama p-kumarat kanthi reaksi kang padha ngasilake asam kafeat.[1] Penambahan gugus metil (-CH3) dari S-adenosil metionin (SAM) e gugus OH saka asam kafeat ngasilake asam ferulat.[1] Asam kafeat mbentuk ester kanthi gugus alkohol ing asam liyane kang kabentuk ing lintasan asam sikimat, yaiku asam quinat, lan ngasilake asam klorogenat. [1]

Gambar-gambar senyawa asam sinamat lan turunane

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:145-147. ISBN 979-8591-27-5
  2. ^ (en)Crozier A, Clifford MN, Ashihara H. 2006. Plant Secondary Metabolites: Occurrence, Structure and Role in the Human Diet. Oxford: Blackwell Publishing Ltd. Hal: 12-14. ISBN-13: 978-1-4051-2509-3
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Asam_sinamat&oldid=832952"