Arifin C. Noer
| Arifin C. Noer | |
|---|---|
Arifin C Noer. |
|
| Lair | Arifin Chairin Noer 10 Maret 1941 |
| Tilar donya | 28 Mei 1995 (umur 54) |
| Pagawéyan | sutradara, produser |
| Garwa | Jajang C. Noer |
| Anak | Nitta Nazyra Marah Laut |
Arifin Chairin Noer (lair ing Cirebon, Jawa Kulon, 10 Maret 1941 – séda ing Jakarta, 28 Mei 1995 ing umur 54 taun), utawa luwih ditepungi Arifin C. Noer.[1] Yaiku sutradara téater lan film saka Indonésia kang wis akèh menangké Piala Citra ing bab film paling apik lan panulis skénario paling apik.[1]
Salah siji film Arifin kang paling kontroversial yaiku Pengkhianatan G 30 S/PKI (1984).[1] Film iki diwajibké pamaréntah Orde Baru kanggo diputer ing sakabihané stasiun tivi saben taun ing tanggal 30 September kanggo ngèlingi insidhèn Gerakan 30 September ing taun 1965.[1] Peraturan banjur diilangi ing taun 1997.[1]
Kejaba kuwi Arifin uga kang pisanan ngenali aktris Joice Erna lan ndadèkaké misuwur ing film Suci Sang Primadona ing taun 1977.[1]
Latar wuri téater kang kuwat diolèhake nalika dhèwèke mèlu ing klompok téateré Rendra lan uga banjur nulis lan nyutradharai lakon-lakoné dhéwé kayata Kapai Kapai, Tengul, Madekur dan Tarkeni, Umang-Umang lan Sandek Pemuda Pekerja.[2]
Bojoné uga aktris yaiku Jajang C. Noer.[2] Saka bojoné kuwi, Arifin duwé anak loro, yaiku Nitta Nazyra lan Marah Laut.[2]
Film kang wis tau disutradharai [sunting]
- Rio Anakku - 1973,
- Suci Sang Primadona - 1977,
- Petualang-Petualang - 1978,
- Yuyun Pasien Rumah Sakit Jiwa - 1979,
- Harmonikaku - 1979,
- Serangan Fajar - 1981,
- Djakarta 1966 - 1982,
- Pengkhianatan G 30 S/PKI - 1984,
- Matahari Matahari - 1985,
- Biarkan Bulan Itu - 1986,
- Taksi - 1990,
- Bibir Mer - 1991,
- Tasi oh Tasi - 1992.[2]