Animasi
Animasi, utawa luwih akrab disebut film animasi, iku film minangka asil pangolahan gambar tangan saéngga dadi gambar sing obah. Wiwitané, film animasi digawé saka malembar-lembar kertas gambar sing sabanjuré di-"puter" saéngga muncul èfèk gambar obah. Kanthi bantuan komputer lan grafika komputer, agawé film animasi dadi luwih mudah lan cepet. Malah pungkasan iki luwih akèh muncul film animasi 3 dimènsi tinimbang film animasi 2 dimènsi.
Wayang kulit minangka salah siji wangun animasi paling tuwa ing donya. Malah nalika tèknologi elektronik lan komputer durung ditemokaké, tontonan wayang kulit wis ngebaki kabèh èlemèn animasi kaya layar, gambar obah, dialog lan ilustrasi musik.
Film Animasi kanthi kauntungan paling dhuwur [sunting]
Nganti saiki, ana sawetara film animasi sing mènèhi kauntungan sing gedhé, kayadéné Shrek 2 utawa Finding Nemo, sing kauntungané wis sakdhuwuring 800 yuta dollar, sing film liya angèl banget ngéntukaké. Ing ngisor iki 20 film animasi kanthi pametu paling dhuwur :
| Ranking | jeneng Film | Studio | Pengasilan donya | Taun |
|---|---|---|---|---|
| 1 | Shrek 2 | DreamWorks SKG | $919,838,758 | 2004 |
| 2 | Ice Age: Dawn of the Dinosaurs | BlueSky | $878,701,244 | 2003 |
| 3 | Finding Nemo | Disney/Pixar | $864,625,978 | 2003 |
| 4 | Shrek The Third | DreamWorks SKG | $798,958,162 | 2007 |
| 5 | The Lion King | Buena Vista/Walt Disney | $783,841,776 | 1994 |
| 6 | Up | Disney/Pixar | $683,807,981 | 2009 |
| 7 | Ice Age: The Meltdown | 20th Century Fox | $655,388,158 | 2006 |
| 8 | Ratatouille | Disney/Pixar | $643,707,397 | 2007 |
| 9 | Kung Fu Panda | DreamWorks SKG | $631,736,484 | 2008 |
| 10 | The Incredibles | Disney/Pixar | $631,442,092 | 2004 |
| 11 | Madagascar: Escape 2 Africa | DreamWorks SKG | $603,900,309 | 2008 |
| 12 | Monsters, Inc. | Disney/Pixar | $545,366,597 | 2001 |
| 13 | WALL•E | Disney/Pixar | $533,268,237 | 2008 |
| 14 | Madagascar | DreamWorks SKG | $532,680,671 | 2005 |
| 15 | Aladdin | Buena Vista/Walt Disney | $504,050,219 | 1992 |
| 16 | Toy Story 2 | Disney/Pixar | $485,015,179 | 1998 |
| 17 | Shrek | DreamWorks SKG | $484,409,218 | 2001 |
| 18 | Cars | Disney/Pixar | $461,983,149 | 2006 |
| 19 | Tarzan | Buena Vista/Walt Disney | $448,191,819 | 1999 |
| 20 | Happy Feet | Warner Bros. | $384,300,000 | 2006 |
