Alphege
| Ælfheah | |
|---|---|
| Uskup Agung Canterbury | |
Satunggiling gambar saking abad kaping 15, nedahaken Alphege nembé dipunsuwuni naséhat. |
|
| Provinsi | Canterbury |
| Keuskupan | Keuskupan Canterbury |
| Pirsani | Uskup Agung Canterbury |
| Ngantos | 19 April 1012 |
| Anggantosaken | Ælfric saka Abingdon |
| Dipun gantos déning | Lyfing |
| Konsekrasi | 19 Oktober 984 |
| Other | Kepala biara Bath Abbey Uskup Winchester |
| Data pribadi | |
| Asma lair | Ælfheah |
| Lair | 954 Weston, Somerset, Inggris |
| Séda | 19 April 1012 Greenwich, Kent, Inggris |
| Dipunsarèkaken ing | Katedral Canterbury |
| Kasucian | |
| Dinten riyaya | 19 April |
| Dipunurmati ing | Gréja Katulik Roma;[1] Anglican Communion;[2] Gréja Ortodoks Wétan |
| Dipunkanonisasi | 1078 Roma |
| Dipunkanonisasi déning | Paus Gregorius VII |
| Atribut | Uskup Agung nyipeng kapak[3] |
| Santo/Santa pangreksa | Greenwich; Solihull; korban panyulikan[4] |
| Papan suci | Katedral Canterbury |
Alphege punika satunggiling santo ingkang dipunlairaken ing Inggris salebetipun keluwarga bangsawan.[5] Alphege dipunangkat dados uskup ing kitha Winchester nalika tanggal 19 Oktober 984.[6] Salaminipun dados uskup, panjenenganipun kagungan tanggel waler dhumateng pendamelan satunggiling orgel ageng ing Katedral ingkang swantunipun saged kapireng dumugi 1 mil tebihipun lan mbetahaken 24 tiyang kanggé mainaken, nglampahaken Panambahan ageng gedhung gréja, sarta mucalaken piwucal Swithun.[5] Nalika taun 994, serbuan bangsa Viking ingkang dipunpimpin déning Olaf Tryggvason nggayuh gencatan senjata ingkang dipunprakarsai déning Alphege.[7] Nalika taun 1006, Alphege dipunangkat dados Uskup Agung ing Canterbury.[6] Salaminipun ing Canterbury, penjenenganipun nepangaken kultus Dunstan lan maringi préntah kanggé panyeratan buku kanthi irah-irahan "The Second Life of Dunstan", satunggiling ayahan ingkang dipunemban déning Adelard antawis taun 1006 dumugi taun 1011.[5] Nalika taun 1011, tiyang-tiyang Danes nyerbu Canterbury lan kasil nyipeng Alphege. [8] Panjenenganipun dipunpejahi nalika taun 1012 ing Greenwich amargi boten purun mbayar tebusan kanggé pambébasanipun.[9] Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Katedral St. Petrus.[5] Panjenenganipun dipunlebetaken dhumateng salebetipun dhaptar santo nalika taun 1078 déning Paus Gregorius VII.[10]
Réferènsi [sunting]
- ^ Kaluputan sitat (pangutipan) Tag
<ref>ora absah; ora ditemokaké tèks kanggo ref mawa jenengDictSaint - ^ Holford-Strevens, et al. Oxford Book of Days pp. 160–161
- ^ "St. Alphege". Catholic Online. http://www.catholic.org/saints/saint.php?saint_id=1278. Dipunaksès 18 Februari 2009
- ^ "Saint Alphege of Winchester". Saints. SPQN. http://saints.sqpn.com/saintajw.htm. Dipunaksès 18 Februari 2009
- ^ a b c d (en)William Leeson Dickinson.2008.The lives of the saints, or, Notes ecclesiological and historical on the holy days of the English Church.Princeton:Church Printing Co.
- ^ a b (en) E.B. Fryde, D.E. Greenway, S. Porter, I. Roy.1996.Handbook of British Chronology (Third revised ed).CUK: Cambridge University Press.
- ^ Henrietta Leyser.2004.Oxford Dictionary of National Biography (October 2006 ed.). Oxford University Press.
- ^ (en) Ann Williams.2003.Aethelred the Unready: The Ill-Counselled King.London: Hambledon & London.
- ^ Geoffrey Hindley.2006. A Brief History of the Anglo-Saxons: The Beginnings of the English Nation.New York: Carroll & Graf.
- ^ John P. Delaney.1980. Dictionary of Saints (Second ed.).Garden City, NY: Doubleday.