Aleppo
Aleppo (Basa Arab: حلب / ALA-LC: Ḥalab; [ˈħalab], jeneng liya) arupa kutha paling gedhé kaloro ing Suriah, sawisé Damaskus, ibukutha Suriah. Gunggung padunungé 2.130.000 jiwa (2005). Kutha Aleppo kalebu kutha paling tuwa ing donya, wis ana wiwit taun 2000 SM. Kutha iki biyèn jenengé Halab. Jroning naskah Babilonia Kuna (750 SM), jeneng Halab wis disebut, mangkono uga jeneng Aleppo jroning inskripsi Mesir Kuna (abad ka-16 SM). Aleppo owah jenengé dadi Beroia déning Seleucus Niktator (312-64 SM) nalika mangsa Kerajaan Seleukus. Amarga papan Aleppo sing strategis banget minangka pusat padagangan, wis akèh bangsa sing asring nelukaké Aleppo. Wiwit saka bangsa, Hitit (2000 SM), Mesir lan Asiria (abad ka-8 SM), Persia (abad ka-6 SM), Macedonia (332 SM), Romawi (64 SM), Arab (635 M), Tatar (1260), Mongol (1398), Kasultanan Utsmaniyah (1517 M), lan Prancis (1920 M). Kutha Aleppo dadi bagéan saka negara Suriah wiwit taun 1944.
Kutha Aleppo tau diguncang lindhu nalika taun 1822 lan 1827 sing ngakibataké sapérangan karusakan ing bangunan sajarah ing kutha Aleppo.
Panorama[sunting]
Réferènsi[sunting]
Pranala njaba[sunting]
- Aleppo City
- Aleppo Governorate
- Aleppo news and services (eAleppo)
- 3-D Old Aleppo map
- Organization of World Heritage Cities
- Ernst Herzfeld Papers, Series 5: Drawings and Maps, Records of Aleppo Collections Search Center, S.I.R.I.S., Smithsonian Institution, Washington, D.C.
- Lynn Teo Simarski, The Lure of Aleppo, 1987, Saudi Aramco World
- William Graves, Restoring Old Aleppo, 1999, Saudi Aramco World
- Louis Werner, 4000 Years Behind the Counters in Aleppo, 2004, Saudi Aramco World
- Sephardic Pizmonim Project- Jewish community of Aleppo
Koordinat: 36°13′N 37°10′E / 36.217°N 37.167°E