Abad kaping 3
Daftar Taun-Taun Abad kaping 3 Masehi:
- Dasawarsa 10: 291 – 292 – 293 – 294 – 295 – 296 – 297 – 298 – 299 – 300
- Dasawarsa 9: 281 – 282 – 283 – 284 – 285 – 286 – 287 – 288 – 289 – 290
- Dasawarsa 8: 271 – 272 – 273 – 274 – 275 – 276 – 277 – 278 – 279 – 280
- Dasawarsa 7: 261 – 262 – 263 – 264 – 265 – 266 – 267 – 268 – 269 – 270
- Dasawarsa 6: 251 – 252 – 253 – 254 – 255 – 256 – 257 – 258 – 259 – 260
- Dasawarsa 5: 241 – 242 – 243 – 244 – 245 – 246 – 247 – 248 – 249 – 250
- Dasawarsa 4: 231 – 232 – 233 – 234 – 235 – 236 – 237 – 238 – 239 – 240
- Dasawarsa 3: 221 – 222 – 223 – 224 – 225 – 226 – 227 – 228 – 229 – 230
- Dasawarsa 2: 211 – 212 – 213 – 214 – 215 – 216 – 217 – 218 – 219 – 220
- Dasawarsa 1: 201 – 202 – 203 – 204 – 205 – 206 – 207 – 208 – 209 – 210
Abad kaping 2 - Abad kaping 3 - Abad kaping 4
Abad kaping-3 iku periode wiwit 201 nganti 300 miturut Kalèndher Julian.
Ing abad iki, Kakaisaran Romawi ngalami krisis, nandhani wiwitaning jaman Late Antiquity. Ing Persia, kakaisaran Parthian digantèkaké déning Kakaisaran Sassanid.
Ing India, Kakaisaran Kushan diganti déning Kakaisaran Gupta. China pinuju ana ing jaman Telung krajan. Xiongnu agawé negara Tiefu ing sangisoré Liu Qubei. Koréa dipimpin déning Telung krajan Koréa. Jepang mlebu jaman Kofun.
Ing Afrika Sub-Sahara, Èkspansi Bantu ngrambah Afrika Kidul.
Jroning millennium pisanan ing sajarah Amérika Lor (Amérika pre-Columbian), Budaya Adena saka tlatah lembah Kali Ohio nulak ngakoni Budaya Hopewell. Kabudayan Maya miwiti éra klasik.
Kakaisaran Romawi [sunting]
Sawisé sédané Commodus ing abad sadurungé, kakaisaran Romawi ngalami perang sadulur. Sawosé perang bubar, Septimius Severus madeg dadi kaisar, miwiti dinasti Severan. Ora kaya kaisar sadurungé, sacara kabuka Severus migunakaké tentara kanggo ndhukung kakuwasaané, lan dibayar kanthi apik, lan sabanjuré dadi rejim monarki militèr. Sistem iki runtuh ing taun 230an, munculaké kahanan anarki militèr jroning mangsa sèket taun utawa krisis ing abad iki, marga ora kurang saka rongpuluh kaisar ganti gumanti, akèh-akèhé mung mengku jabatan jroning sawetara sasi marga dipatèni utawa tiwas jroning paprangan, lan kakaisaran mèh ambruk déning kisruh pulitik, lan uga déning ancaman kakaisaran Persia saka sisih wétan. Ing sangisoré panguwasa Sassanid sing anyar, Persia tuwuh dadi saingan, lan Romawi kudu nganakaké réformasi sacara drastis kanggo ngadhepi konfrontasi. Réformasi iki kawujud ing pungkasan abad yakuwi jroning jaman Diocletian, ing antarané mérang kakaisaran dadi loro yakuwi tlatah wétan lan kulon, sing saben tlatah duwé panguwasa dhéwé-dhéwé.
Prastawa [sunting]
- 208: Angkatan Segara China ngayahi pertempuran Battle of Red Cliffs
- 212: Constitutio Antoniniana mènèhi kawarga negaraan marang kabèh wong Romawi
- 212–216: Baths of Caracalla
- 220: Dinasti Han rampung, diganti Dinasti Wei.
- 230–232: Dinasti Sassanid ing Persia miwiti perang kanggo ngrebut tlatah sing ilang ing Romawi wétan
- 235–284: Krisis abad kaping-3 nggoyang Kakaisaran Romawi
- 250–538: Jaman Kofun, bagéyan pisanan saka periode Yamato ing Jepang
- 258: Kaisar Valerian mbantai wong Kristen
- 260: Kaisar Romawi Valerian I ditawan déning Shapur I saka Persia
- 184–280: Periode Telung krajan ing Cina
- 280–420: Dinasti Jin (265-420)]] saka Cina
- Sarnath dadi punjeré seni Buddha ing India
- Jagung miwiti dadi tetanduran panganan ing Amérika Lor.
- Karajan Funan nggayuh pucuk kamuktèn ing sangisoré Fan Shih-man
- The Goths pindhah saka Gothiscandza menyang Ukraina, nglairaké budya Chernyakhov.