AS Terbuka (tènes)
AS Terbuka (basa Inggris: U.S. Open) iku salah siji turnamèn Grand Slam ing jagad tènes. Turnamèn iki dianakaké ing sasi Agustus utawa September saben taun.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
AS Terbuka wiwitané arupa rong turnamèn kapisah: turnamèn putra lan turnamèn putri. Diwiwiti ing taun 1881, turnamèn iki wektu semana jenengé U.S. National Singles Championship lan mung nandhingaké nomor tunggal putra. Turnamèn putri diwiwiti enem taun sawisé kuwi. Ing taun 1968, nalika era "terbuka" diwiwiti, limang evèn sing kapisah (tunggal putra, tunggal putri, gandha putra, gandha putri, lan gandha campuran) didadèkaké siji lan diwènèhi jeneng "AS Terbuka". Turnamèn taun kasebut uga minangka sing pisanan sing ngolèhaké peserta profèsional. Wiwit taun 1978, turnamèn iki dianakaké ing Flushing Meadows ing New York.
Lapangan utamané dumunung ing Stadion Arthur Ashe sing kapasitasé 23.000 penonton. Lapangan kaloroné yakuwi Stadion Louis Armstrong. Kaloroné arupa lapangan atos (hardcourt), saéngga permainan lumaku kanthi kacepetan dhuwur.
Pamenang paling akèh [sunting]
Tunggal putra [sunting]
- sadurungé 1968: Bill Larned; Bill Tilden; Richard Sears (AS), 7
- wiwit 1968: Jimmy Connors; Pete Sampras; Roger Federer , 5
Tunggal putri [sunting]
- sadurungé 1968: Molla Bjurstedt Mallory (AS), 8
- wiwit 1968: Chris Evert (AS), 7
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (en) Situs resmi
|
|||||