Menyang kontèn

Zao Jun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Zao Jun
Zao Jun

Zao Jun utawa Zao Shen ya iku Dewata lokal wigati kang manggon ing tungku perapian (pawon) lan kulawarga, Agama Tradisional Cina and Mitologi Cina. Dhèwèké dipuja déning kabèh nagara kang warga nagarané ana katurunan saka Cina.

Festival paling utama kang dirayakaké kanggo déwa iki karan Ji Si Siang Ang, Imlek kaping 24 sasi 12, kang kagolong festival kanggo nganteraké Zao Jun munggah maring langit.[1] Dipercaya manawa Zao Jun bakal mudhun saka langit nggal akir taun Imlek kanggo nglapuraké marang Kaisar Giok (Tian) babagan kagiyatan manungsa nggal omah sasuwiné taun wingi. Lapuran Zao Jun bakal dadi pertimbangan kanggoné Tian nalika mberkati utawa ngukum kulawarga kang bebrayanan ning taun ngarepé.

Etmilogi

[besut | besut sumber]

Zao Jun (Hanzi: 灶君; pinyin: Zào Jūn; Fujian/Hokkian: Chàu-kun) duwé teges Penguasa Tungku/Pawon. Uga duwé celukan Zao Jun Gong (Hanzi: 灶君公; pinyin: Zào Jūn Gong; Fujian/Hokkian: Chàu-kun Kong), ya iku Kakek Penguasa Tungku. Gelar liyané ya iku Zao Shen (Hanzi: 灶神; pinyin: Zào Shén; Fujian/Hokkian: Chàu-sîn) atau Déwa/Roh Tungku.[2] Bangsa Kulon kenal Zao Jun dadi Kitchen God, kaya masarakat Indonésia luwih kenal dadi Déwa Dapur. Masarakat Vietnam nyebut Táo Quân.

Versi Legenda Zao Jun

[besut | besut sumber]
Zao Jun dari Myths and Legends of Cina, 1922 olèh E. T. C. Werner

Paneliten ning agama tradhisional Cina, Déwa Dapur durung ana sadurungé tungku saka watu bata digunakaké déning masarakat. Dipercaya manawa Déwa Api kang dipuja mbiyèn iku wiwitan saka Déwa Dapur.[3]

Kapercayaan Umum

[besut | besut sumber]

Dipercaya manawa Zao Jun lan bojoné ngawasi kadadian ning omah salawasé. Ngal apa kang diomongaké dicathet déning bojoné, Zao Jun kang bakal nglapuraké déning Kaisar Giok (Tian) ning akir taun Imlek, ya iku dina Ji Si Siang Ang. Mula iku Zao Jun dadi dea kang dikormati saka kabehané Roh Suci pelindung omah-omah lan kulawarga. Ora namung iku Ji Si Siang Ang, dina ambal warsané uga dipangeti, ya iku Imlek kaping 3 sasi 8.

Nalika festival Ji Si Siang Ang, masarakat racaké ngolesaké madu maring bibir patung kertas Zao Jun supaya apa kang bakal diomongaké marang Kaisar Tian dadi tambah manis. Sawisé iku, patung kertas mau dibakar supaya diganti manèh nganggo patung liya ning taun anyar Imlek. Mercon uga disuled supaya rikat anggoné lumaku maring suwarga. Patung utawa papan kang ana tulisané jeneng Zao Jun bakal diresikaké nalika nyambut taun anyar imlek.

Pawon Kulawarga

[besut | besut sumber]

Paneliten kang dilakoni déning Ahern, Martin, lan Wolf (1978) ngamati manawa nggal kulawarga ning Cina diklasifikasikaké saka tungku kang diduwèni. Nalika pembagian piranti omah, peralatan pawon bakal dibagi kejaba pawon. Misalé kaya pembagian harta warisan, putra sulung bakal marisi tungku nanging putra-putra liyané bakal olih arang saka tungku bapaké, nli dilebokaké maring tungku dhewek-dhewek. Tujuwané iku supaya ngundang Déwa Tungku nggabung karo omah kang anyar. Ritual iki dijenengi Pun Chu utawa mbagi tungku. Tungku diindikasikaké dadi jiwa saka kulawarga lan nglambangaké takdir.[4]

Ting (2002) njlèntrèhaké manawa Déwa Dapur duwé tugas ning wewengkon kulawarga, déwa iki ngawasi dinamika padinan kulawarga mau, uga nggal anggotané sarta padatané.[5]

Déwa Pawon ning nagara liya

[besut | besut sumber]

Ong Tao ning Vietnam

[besut | besut sumber]

Ông Táo utawa Mandarin Tao (Táo quân, 灶君) iku jeneng Déwa Pawon ning kultur Vietnam. Dhèwèké dipandang dadi penasehat kulawarga lan utusan saka suwarga maning dunya. Ông Táo mangkat maring suwarga nalika akir taun (tanggalan Vietnam) kanggo ndiskusikaké kadadian kang ana ing kulawarga maring Kaisar Giok lan bali manèh nalika taun baru. Kulawarga ning Vietnam nganggap Ông Táo dadi anggota kulawarga.

Tradisi Vietnam nyebutaké manawa Ông Táo ora patiya sugih, mula ora kuwat anggoné tuku klambi anyar, lan namung nganggo jubah dawa (ao dai) lan clana cindhek. Versi liya njlèntrèhaké manawa déwa iki nalika bali bumi lali nganggo clana dawa.

Kultur populer

[besut | besut sumber]
  • Novèl Dragonwings karya Laurence Yep ndeskripsikaé ritual madu, nanging buku mau nyebut jeneng sang déwa dadi Raja Tungku.
  • Zao Jun ya iku déwa minor kang metu ing filem seri saka Amérikah Sarékat Supernatural, seri kaping 5 "Hammer of the Gods".
  • Novèl The Kitchen God’s Wife karya Amy Tan kang ngisahaké perjuangan seorang feminist, wanita Cina kang manggon ing Amérika, jenengé Winnie. Dhèwèké ngrasa pamujaan maring Zao Jun iku ora adil marang wong wadon, kuna, lan ora modern kaya saiki.[6]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  • The Story of the Kitchen God
  • "Chinese festivals-Xiao Nian". 2007. Chinavoc. 19 October 2008 [1]
  • "Chinese Kitchen God". 2008. Qiqi.com: Chinese Cultures. November 14, 2008. [2]
  • Gong, Rosemary. "The Kitchen God". 2008. About.com: Chinese Culture. 19 October 2008 [3]
  • "Kitchen God Day". 2008. Childbook.com: Chinese Festivals. October 24, 2008. [4]
  • "The Kitchen God and His Wife". 2007. Columbia University: Living in the Chinese Cosmos: Understanding Religion in Late Imperial Cina 1644-1911. November 15, 2008. [5]
  • Mikkolainen, Terhi. "Zao Jun: The Kitchen God". 2007. radio86: All About Cina. 19 October 2008 [6]
  • Cina's Living Houses: Folk beliefs, symbols and household Ornamentation Ronald G Knapp University of Hawii Press 1999
  • The Last Emperors: A Social History of Qing Imperial Institutions.2001. Evelyn S. Rawski. University of California Press.
  • Tan, Chee Beng. 1983. Chinese Religion in Malaysia: A General View. Asian Folklore Studies, Vol.42 pg. 220-252. University of Malaysia.
  • Sequence of the Tet Celebration pada ThingsAsian.com, diunduh Maret 2010.
  • Tet Nguyen Dan (Vietnamese New Year)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Babagan Litbang PTITD/Matrisia Jawa Tengah. 2007. ‘’Pengetahuan Umum Tentang Tri Dharma’’, hal. 102. Semarang: Penerbit Benih Bersemi.
  2. Nations Online. 2013
  3. Cina.org.cn. 12 Januari 2010. Unduh= 2 Mèi 2011. Festival of the Kitchen God
  4. Arthur P. Wolf; Emily M. Ahern; Emily Martin. 1978. Studies in Chinese Society, hal. 131-133. University Press.
  5. Ting, Julia. 2002. World Religions: Eastern Traditions. "East Asian Religions". Diedit olèh Willard G. Oxtoby. New York: Oxford University Press, hal. 326.
  6. Tan, Amy. 1991. The Kitchen God's Wife. New York: G.P. Putnam's Sons.