Warisan ing agama Islam
Warisan inggih punika bandha tilaran ingkang dipuntilaraken déning ingkang marisaken dhateng ahli waris. Warisan punika maujud saking basa Arab Al-miirats, ingkang wonten basa Arab tembung punika inggih wujud masdar (infinitif) saking tembung waritsa- yaritsu- irtsan- miiraatsan. Tegesipun miturut basa inggih punika pindhahipun satunggaling bandha saking tiyan satunggal dhateng tiyang sanèsipun, utawi saking satunggal kaum dhateng kaum sanèsipun.[1] Ahli waris inggih punika tiyang- tiyang ingkang gadhah hak kanggé nampi bandha tilaran tiyang ingkang sampun séda, saé punika amargi wontenipun gayutan kulawarga, nikah, utawi amargi sampun naté mbebasaken batur tukon (wala').[2] Hukum warisan ingkang wonten ing istilah fara'id dipunsebat tirkah (tilaran) inggih punika satunggaling wujud bandha utawi punapa kemawon ingkan dipuntiar déning tiyang ingakng séda, saking punika ingkang wujud arta utawi materi sanèsipun ingkang dipunleresaken déning sarengat Islam supados dipunwarisken dhateng ahli warisipun.[3]
Dhasaring Hukum Waris
[besut | besut sumber]Tiyang ingkang dados pewaris inggih punika tiyang ingkan sampun séda, saé punika jler punapa putri ingkang nilar sapérangan harta lan bandhanipun utawi hak- hak ingkang dipunpikantuk déning piyambakipun sadangunipun piyambakipun gesang, saé punika kanthi wontenipun serat wasiyat punapa déné tanpa serat wasiyat. Déné ingkan dados dhasaring hak kanggé paring warisan utawi dhasar kanggé pikantuk pérangan arta tilaran miturut Al Qur'an, inggih punika:
- Amargi wontenipun gayutan getih, punika dipunandharaken kanthi cetha wonten ing QS. An-Nisa: 7, 11, 12, 33, lan 176.
- Hubungan pernikahan.
- Hubungan pasedherekan amargi agami ingkang dipuntemtokaken déning Al Qur'an, bageyanipun boten langkung saking sak pertelonipun artanipun ingkang gadhah waris (QS Al Ahzab: 6)
- Hubungan kerabat amargi hijarah sesarengan wonten ing wiwitanipun Islam ngrembaka, sanajan ta boten wonten gayutan getih (QS Al Anfal: 75).[4]
Perkawis Bab Warisan
[besut | besut sumber]PErkawis- prakawis ingkang badhé wonten ing warisan, ing antawisipun inggih punika: a. Al-Gharawain utawi Umariyatain inggih wonten kalih prakawis, inggih punika:
- Manawi tiyang ingkang séda punika namung nilar ahli waris garwanipun, ibu lan bapak.
- Manawi tiyang ingkang séda punika namung nilar ahli waris garwanipun, ibu lan bapak.[5]
b. Al-Musyarakah(dipunsareataken) ingkang dipunsebat ugi himariyah (keledai), Hajariyah (watu). Perkawis Al-Musyarakah inggih punika mliginipun kanggé ngrampungaken prakawis warisan ing antawisipun sedherek satunggal ibu kaliyan sedherek kakung satunggal ibu satunggal bapak, lan supados langkung cetha, saged dipunandharaken bilih kasus Al Musyarakah punika kadadosan manawi ahli warispun kapérang dados: Garwanipun, ibu utawi simbah, sedherek satunggal ibu ingakgn langkung saking satunggal, lan sedherek satunggal ibu satunggal bapak. c. Masalah datuk sareng kaliyan sedherekipun. Ingkang dipunanggep sedherek wonten ing mriki inggih punika:
- Sedherek kakung lan sedherek putri satunggal ibu satunggal bapak.
- Sedherek kakung serunggal bapak lan sedherek putri satunggal bapak.
Déné prakawis kanggé datuk wonten ing sedherek punika wonten kalih prakawis inggih punika:
- Ahli waris ingkang dumunung, sasampunipun rampung tahapan hijab namung kapérang saking datuk lan sedherekipun kemawon.
- Shahibul fardh (ahli waris ingakng sampun dipuntemtokaken porsi kanggé piyambakipun)
- Aul. Tembung Aul miturut etimologi tegesipun irtifa': ngangkat.
- Radd. Tembung Radd miturut etimologi tegesipun I'aadah: ngonduraken.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ [Ash-Shabuni. Muhammad Ali, Pembagian Waris Menurut Islam, (Jakarta: Gema Insani Press, 1996), hml.33]
- ↑ [Djalal. Maman Abd, Hukum Mawaaris, (Bandung: CV Pustaka Setia, 2006 ) hlm.43,44]
- ↑ [Djalal. Maman Abd, Hukum Mawaaris, (Bandung: CV Pustaka Setia, 2006 ) hlm. 39]
- ↑ [Suparman, Éman. Hukum Waris Indonesia Dalam Perspektif Islam (Bandung: PT Radika Aditama 2007). Hlm.16]
- ↑ [Lubis, Suhardi K. Simanjuntak Komina. Hukum Waris Islam (Jakarta: Sinar Grafika 2007). hlm. 131, 132]