Umberto Eco
| Umberto Eco | |
|---|---|
Umberto Eco ing taun 1984 | |
| Lair | 5 Januari 1932 Alessandria, Piedmont, Itali |
| Pati | 19 Fèbruari 2016 (umur 84) Milan, Lombardy, Itali |
| Alma mater | Universitas Turin |
| Bojo | Renate Ramge |
| Kala | Filsafat abad angka 20/angka 21 |
| Tlatah | Filsafat Kulonan |
| Aliran | Filsafat buwana |
Karsa pokok | Sèmiotik |
Gantha misuwur | "Karya tinarbuka" (opera aperta), "pikareping para maca" ("intentio lectoris"), "wewates" ing rasa pangrasa |
| Tandha tangan | |
Umberto Eco ya iku sastrawan, kritikus sastra, novèlis, ahli semiotika.[1] Pakaryané kang kondhang ya iku Il Nome della Rosa utawa The Name of the Rose taun 1980.[1][2]
Dhèwèké lair ana Alessandria, Italia, tanggal 5 Januari 1932.[1] Séda ana Milan, Italia, tanggal 19 Fèbruari 2016.[1]
Dhèwèké pirang-pirang taun dadi jurnalis ana Milan, nyunting program budaya ana tv negri Itali RAI.[2] Taun 1959 nganti 1979, dhèwèké dadi édhitor sénior non-fiksi ana penerbitan Bompiani.[2]
Dhèwèké dadi modél intelèktual Éropa, kang nggawé idé-idé komplèks bisa digapé, ndelok kanthi skèptis budaya lan pulitik; kang mung bisa teka saka pandhengan sajarah kang amba.[3] Eco ya iku salah sijining wong, saka sithik, kang bisa minangka nyawijining magnèt wacan fiksi karo kautaman sastra gedhé.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d The Editors of Encyclopædia Britannica (22 Fèbruari 2016). "Umberto Eco: ITALIAN AUTHOR AND LITERARY CRITIC". britannica.com. Dibukak ing 4 Sèptèmber 2016.
{{cite web}}:|last=has generic name (pitulung) - ↑ a b c Thomson, Ian (20 Fèbruari 2016). "Umberto Eco obituary". theguardian.com. Dibukak ing 4 Sèptèmber 2016.
- ↑ a b Coe, Jonathan (27 Fèbruari 2016). "My Hero: Umberto Eco by Jonathan Coe". theguardian.com. Dibukak ing 4 Sèptèmber 2016.