Tong zi dan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Mula Bebukane[besut | besut sumber]

Kang kudu dicepakake[besut | besut sumber]

Endhog bocah lanang ya iku panganan tradhisional saka Dongyang, Zhejiang, China sing asale saka endhog kang di godhok nganggo banyu uyuh bocah lanang kang isih enom, luwih apik sing umure sak ngisore sepuluh tahun. Dijenengi "tong zi dan" (Chinese: 童子蛋; pinyin: Tóngzǐdàn), panganan iki yen diterjemahke kanthi cara harfiah  "endhog bocah lanang" ya iku tradisi ing kutha nglumpukne uyuh saka bocah lanang ing mangsa semi  kang urung diwasa. Endhog bocah lanang iki wis kadhaptar déning pejabat ing China minangka bagéan saka warisan budaya uduk barang.

Panganan iki awujud tradisi kang wes ngadeg suwé ing kutha Dongyang lan wis dipraktekne pirang- pirang abad kapungkur.  Dideleng kanthi cara umum, China wis duwé sejarah dowo babagan cara nglestareake panganan. Tea egg awalé dikembangaké kanggo ngreksa panganan supaya bisa kanggo wektu sing suwé. Nanging endhog bocah lanang ora duwé asal usul sing padha, ngrembakaning endhog bocah lanang ini asalé saka latar budaya kang padha. Ora ana wedharan sing pener kanggo ngandharake ngapa iku kudu ngangge uyuh bocah lanang, khususé. Iku wis kadadean suene pirang-pirang abad. Nanging, dideleng saka mula bebukane sing wes dadi kapitadosan ing wilayah iku, uyuh duweni manpaat kanggé kasarsan lan biasane ing jaman kuna melu di ombé. Sakliyane iku, ing jaman iku endhog dadi salah sijining panganan sing ana lan duweni manpaat kanggo para tani. Amarga Zhejiang iku papané awujud bukit lan ana ing pinggir kali, tetanèn wis dadi budaya kang utama ing wektu sing suene pirang- pirang abad. Senajan beras paling wiyar ditandur, kathah para tani sing ngingu babi lan unggas ing sabine. Kaanan iki sing marai akèh endhog ing daerah iku lan, nggawe endhog bocah lanang iki tambah kawentar. Sipat tradhisional kang ana ing panganan iki luwih cenderung saka sejarah budaya panganan china. Endhog bocah lanang iki salah sijining wujud saka budaya China sing wis raket karo cerita kang ana gayute karo bab panganan, kaya ta sawijining wektu anggene pangannan iku mau ditemokake utawa wujud tokoh sajarah kang ana gegayutane karo anggene nemokne panganan. Babagan iki bedo yen dideleng saka sejarah lan budaya panganan saka negara kulonan, yen panganan kono sing luwih wigati ya iku bumbu lan keprigelane nata panganan. Senajan sejarah sing luwih cetha isih urung ana saka  sumber-sumber sing resmi, tren panganan China sing uwis sue ngandharake kasetyan wong Dongyang tumrap panganan kang kanggo akèh wong diadohi.

Kocap kacarita ana kadadean kang apokrif  ing pirang-pirang abad kapungkur, ana loro buruh ing papan kang dingge ngembangbiakne unggas, saben wong mbeta barang sing gedhe lan akèh, kang ora sengaja tabrakan. Buruh iki mbeta kuali gedhe kang isiné endhog pitik; liyané, mbeta kuali kang isiné uyuhe bocah lanang . Carita kang wes dadi legenda nyaritakaké,buruh-buruh mau tabrakan, nibakke welasan endhog ing jero kuali kang isiné uyuh bocah lanang mau tanpa ana sing weruh. Buruh sing gawa kuali kang isiné uyuh iku mau banjur nggodog kualine, lan lunga ninggalake kuali mau umup. Sakwise buruh kui mau bali, deweke nemoake panganan kang énak.

Wiwitane kang kudu disiapke ya iku endhog dikum ing uyuhe bocah lanang. Campuran iku mau banjur digodhog ana ing dhuwure kompor. Sawise nggodhok, endhog kui mau retak ana ing sak dhuwure endhog. Banjur, endhog g diselehake bali menyang uyuh iku mau. Uyuh bocah lanang sing uwis digunakake banjur diganti karo uyuh kang isih seger lan carané dibaleni kaya mau.  Kabeh proses umume suwene sedina. Miturut sawetara resep-resep, bumbu-bumbu kang akèh maceme bisa ditambahake wektu ngekum endhog iku mau. Sawise dikum, endog iku mau malih warna putihe dadi emas kang pucet lan kuninge malih dadi warna ijo.macem-macem jamu uga bakal ditambahake kanggo marinade. Nalika rampung, endhog tiyang kuilt pethak duwé bulak golden hue lan yolks nguripake ijo. Endhog bocah lanang iki mirip karo endhog kang pengawetane mangan wektu seabad suwene, senadjan saiki endhog iku mau kawentar ora nggunaake uyuh bocah lanang.

Endhog bocah lanang iki ditampa sacara wiyar minangka tradisi saka kutha kang diajeni, tinimbang dianggep wagu kaya paling budaya liyané. Bakul Endhog uyuh bocah lanang lunga  menyang sekolah sd ing kutha kang digunakake kanggo ngumpulake uyuh bocah lanang,  luwih apik ing sangisore umur sepuluh tahun.

Budaya Modern[besut | besut sumber]