Menyang kontèn

Stasiun Balapan (lagu)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Stasiun Balapan punika lagu Jawi ingkang kagolong génre campursari, ingkang dipuntembangaken déning Didi Kempot. Lagu puniki wiwit populèr ing taun 1990-an.

Lagu punika nyariosaken raos sedhih amargi katinggal déning ingkang kinasih. Didi Kempot utawi ingkang gadhahi nama asli Didi Prasetyo puniki ngudaraken raos ingkang kapendhem ing salebeting manahipun lumantar cakepan ingkang wonten ing salebeting lagu "Stasiun Balapan".[1]

Ingkang kinasih sampun paring janji marang pyambakipun nanging janji kasebut nora kawujud. Malah kadosipun dados "nyupékaken". Saged kawaos wonten ing "lali apa pancèn nglali, yèn iling mbok énggal bali".

Papan Nama Stasiun Sala Balapan/Solo Balapan (SLO)

Cakepan

[besut | besut sumber]

STASIUN BALAPAN

  • Ning Stasiun Balapan
  • Kutha Sala sing dadi kenangan
  • Kowé karo aku
  • Nalika ngeterké lungamu
    • Ning Stasiun Balapan
    • Rasane kaya wong kélangan
    • Kowé ninggal aku
    • Ra krasa nètès eluh ning pipiku
  • Dha ah... dhadhah sayang
  • Dhah... slamat jalan
    • Janji lunga mung sadhéla
    • Jaré sewulan ra ana
    • Pamitmu nalika semana
    • Ning stasiun Balapan Sala
  • Janji lunga mung sadhèla
  • Malah tanpa kirim warta
  • Lali apa pancèn nglali
  • Yèn éling mbok énggal bali
    • Ning Stasiun Balapan
    • Kutha Sala sing dadi kenangan
    • Ning Stasiun Balapan
    • Rasané kaya wong kélangan

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
  1. "Sejarah Stasiun Balapan di Solo yang Jadi Salah Satu Lagu Hits Didi Kempot". kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-02-24.