Sklera

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sklera
Schematic diagram of the human eye en.svg
Diagram skematik pada mata manungsa.
Gray's subject #225 1006
Arteri Vein =
MeSH Sclera

Sklèra inggih punika pérangan ing jawi soca ingkang ngélindungi, kiat saha warninipun pèthak.[1] sklera punika jaringan ingkang kiat kaliyan sérat ingkang kiat, warninipun péthak burém (boten tembus cahya), kéjaba ing pérangan ngajéng duwéni sipat transparan, dipunsébat kornèa. Konjungtiva inggih punika lapisan transparan ingkang ngelapisi kornèa lan kelopak soca. Lapisan punika gadahi fungsi ngélindungi bola soca saking gangguan. Sklèra punika dinding bola soca ingkang padèt saha keras, kapèrang saking jaringan fibrosa botèn jernih, saha katingal ingkang warninipun pèthak. Kandel sklera rata-rata 1 mm. Pintén-pintén sérabut jaringan skle èra nglampahi papil n, II, damel yasan kadasta saringan ingkang dipunsebat lamina cribrosa. Kaliling syaraf optik sklera tembus déning arteri siliaris posterior longa et brevis lan siliaris longa et brevis. Kedhik ing wingking ekuator, sklera tembus sekawan vena vortikosa satunggal saben kwadran. Kira-kira 4 mm saking wingking limbus, 4 a.v siliaris anterior nembus sklera kedik majeng ing insersi otot rektus. Sklera gadahi kalih buah lubang utami inggih punika : soca inggih punika struktur sferis isinipun cuwèran ingkang dipunbungkus déning tiga lapisan. Saking jawi ing lapisan-lapisan kasebut inggih punika : sklera utawi kornea, koroid utawi badan siliaris utawi iris, saha retina. Sebagian ageng soca dipunlapisi déning jaringan iket ingkang protektif lan kiat manawi ing jawi, sklera ingkang wujud pérangan pethak soca. Dipunanterior ing ngajeng, lapisan ngajeng kapérang saking kornea transparan panggènipun nglampahi berkas-berkas cahya ing interior soca. Lapisan tengah ing ngandap sklera inggih punika koroid ingkang sanget berpigmen lan ngandut pembuluh-pembuluh darah kanggé maringi panganan retina. Llapisan ingkang ngandap koroid inggih punika retina. Retina ngandut sel batang lan sel kerucut, fotoreseptor ènergi cahya dados implus syaraf.[2]

Fungsi Mata[besut | besut sumber]

Sinar ingkang mlebet ing soca sakderenge tekan ing retina nglampahi pembiasan kaping gangsal inggih punika wekdal nglampahi konjungtiva, kornea, aqueus humor, lensa, saha vitreous humor. Pembiasan ingkang ageng kadadosan ing kornea. Kangge soca normal, bayang-bayang benda dawah ing bintik kuning, inggih punika pérangan ingkang peka kaliyan sinar. Wonten kalih macem sel reseptor ing retina inggih punika sel kerucut (sel konus) lan sel batang (sel basilus). Sel konus isinipun pigmen lembayung saha sel batang isinipun pigmen ungu. Kalih macem pigmen badhé terurai manawi ngengengi sinar, mliginipun pigmen ungu saking sel batang. Manawi ing basilus fungsinipun kanggé situasi kirang terang, amergi pigmen saking sel konus fungsinipun ngelangkungi ing kawontenan terang inggih punika kanggé bantenaken warni. Pigmen ungu ing sel basilus dipunsebat rodopsin inggih punika senyawa protein saha vitamin A. Manawi kenging sinar, tuladhanipun sinar srengéngé, mila rodopsin nembé terurai dados protein saha vitamin A. Pigmen lembayung saking sel konos punika senyawa iodopin punika gabungan antawis retina lan opsin. Wonten tiga macwm sel konus, inggih punika sel ingkang peka kaliyan warni abrit, ijem, saha biru. Saking tiga macem punika sel konus soca saged nangkep spektrum warni, kerusakan saking salah satunggaling punika saged njalari buta warni.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Arti Sklèra (dipununduh Tanggal 17 2012)
  2. ^ doctorology
  3. ^ pendamping Praweda biologi