Sinisisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Patung sawijiné filsuf sinis ndhik Museum Capitoline, Roma.[1]

Sinisisme utawa Sinisme(Grikenlan: κυνισμός) ndhik wujud asliné ya iku paham sing dienut karo madahab Sinis (Grikenlan: Κυνικοί, Latin: Cynic), madahab filsafat Yunani sing ora nduwé gegayuhan lan mesti nganggep uwong liyo luwih ala, amarga kuwi piyambaké cynic atawa sinis.[2][3] Aliran punika duwé idé yèn kabingahan sajati kuwi ora gumantung karo bab-bab sing acak utawa ngambang.[4] Mangkané kaum Sinis kuwi nolak kabingahan saka kasugihan, karosan, lan kasarasan.[4][5]

Minangka aliran filsafat, kautamaané Sinisme ya iku kepiyé penganuté urip lan duwé tingkah laku (malah uga Diogenes saka Sinope, sing nekakné Sinisme dadi filsafat. mènèhi adu panemu yèn Sinisme kuwi dadi filsafat utawa dalan urip). Aliran iki ora tau dadi madahab filsafat formal; uga, ora tau nduwé, lan ora tau bisa duwé, yasan sekolah filsafat sing fisik; lan uga ora tau nduwé dhoktrin filsafat.[2] Nanging para filsuf wektu kuwi percaya yèn Sinisme duwé proyek filsafat, Plato mènèhi jejuluk aliran kuwi minangka "Socrates sing édan".[2]

Tokoh filsuf Sinisme wektu awal-awalé ya iku Antisthenes lan sawisé piyambaké ya iku muridé sing jenengé Diogenes.[6]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Christopher H. Hallett, (2005), The Roman Nude: Heroic Portrait Statuary 200 BC–AD 300, page 294. Oxford University Press
  2. a b c Christoper Rowe, Malcolm Schofield, Simon Harrison, and Melissa Lane., Sajarah Pemikiran Pulitik Yunani Romawi, Jakarta: PT. Grafindo Persada, 2001, Hal. 490-512
  3. Robert Audi., The Cambridge Dictionary of Philosophy, Edinburg: Cambridge University Press, 1995, Hal. 174-175
  4. a b CynicsThe Internet Encyclopedia of Philosophy
  5. David Mazella, (2007), The Making of Modern Cynicism, University of Virginia Press. ISBN 0-8139-2615-7
  6. Bryan Magee (2008). The Story of philosophy. Yogyakarta: Kanisius. kc. 40-41. ISBN 978-979-21-1214-6.