Senggono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Senggono (lair 24 Juni 1924) ya iku pangripta Jawa sing makolèhi anggoné nulis sajeroné nyambut gawé ing Balai Pustaka. Senggono tegep anggone maca lan nulis aksara Latin lan Jawa amarga diajari kaliyan bapakipun (Sumo Sedono). Sumo Sedono langganan majalah sing nganggo basa Jawa kaya ta Kajawèn lan Panjebar Semangat. Amarga iku uga, sajeroné sinau ing Vervolgschool dhèwèké nduwèni kasenengan maca majalah, klebu majalah basa Jawa[1].

Kabisan lan kalancaranè Senggono nganggo basa Jawa saya saé amarga sajeroné sinau ing sekolah guru désa (Cursus voor Volks Onderwizers) dhèwèké akèh kekancan karo wong sing akèh-akèhé turunan Jawa sing manggon ing Gadingrejo. Kejaba saka kuwi, pitepunganè Senggono karo sawijining guru saka Pringsèwu sing mulang ing Sekolah Jawa sansaya nambah kasenengan lan kabisané nganggo basa Jawa[1].

Sakwisé lulus saka CVO, Senggono diangkat dadi guru. Minangka guru, dhèwèké uwis bola-bali pindhah tugas ing pirang-pirang panggonan ing Lampung wiwit jaman Walanda, Jepang, lan Kamardikan. Nanging, sanajan uwis dadi guru lan nduwé kabisan basa Jawa, dhèwèké durung ngembangaké bakat ing panulisan. Dhèwèké lekas nulis karyané kawit pindhah menyang Jakarta lan nyambut gawé ing Balai Pustaka. Kuwi amarga ing Balai Pustaka dhèwèké ketemu lan dadi anggotané Hardjowirogo (turunané Ki Padmosusastro), sawijining ahli basa lan sastra Jawa[1].

Kauripan[besut | besut sumber]

Wong tuwané Senggono asalé saka Purworejo, Jawa Tengah lan nyambut gawé dadi mandhor dalan ing Lampung. Senggono lair ing Kotabumi, Lampung Lor banjur urip nganti diwasa ing Purwareja, Jawa Tengah. Kawit pensiun, Senggono uwis ora patia sregep nulis karya sastra. Amarga kuwi, nganti garwané (Suwarti) ngirim kertu pos menyang Subagijo I.N. taun 1999 sing isiné kabar lelayu sédané Senggono, arang ditemoni karya-karyané Senggono. Senggono séda ing dina Selasa, 29 Juni 1999, 19.20, disarékaké ing TPU Kebun Jahe, Rebo, 30 Juni 1999 kanthi yuswa 75 taun. Senggono nilar setunggal garwa lan wolung putra[1].

Pawiyatan[1][besut | besut sumber]

  • Vervolgschool
  • Cursus voor Volks Onderwizers (CVO)

Padamelan[1][besut | besut sumber]

  • Guru ing Lampung
  • Balai Pustaka (1951-1964)
  • Kepala Bagian Pers dan Publisitas ing Jawatan Penerangan Kabupaten Lampung Kidul, Teluk Betung
  • Kepala Bagian Tata Usaha ing Direktorat Pembangunan Masyarakat Desa Propinsi Lampung (nganti pènsiyun taun 1980)

Karya[1][besut | besut sumber]

  • Kembang Kanthil (1958)
  • Wahyu saka Kubur
  • Nunggu Idah
  • Isih Ana Lintang
  • Antologi cerita cekak Kemandhang (1976) (dadi pambesut)
  • Aji Saka (basa Indonésia)
  • Empu Mang Ismail (basa Indonésia)
  • Empu Supa (basa Indonésia)
  • Kisah Seruas Bambu (basa Indonésia)

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g Widati, Sri; Rahayu, Prapti; Prabowo, Dhanu Priyo (2015). Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta. kc. 468–469. ISBN 9789791852357.