Sarang walèt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sarang Manuk Walet.

Manuk Walet inggih punika salah satunggaling jinising manuk ingkang langkung istiméwa amargi ngasilaken idu ingkang berharga sanget.[1] Idunipun Manuk Walet punika kenthel sanget saéngga dipundadosaken kanggé sarang.[2] Amarga perkawis punika idunipun Manuk Walet sok diarani sarang manuk walet.[1] Idunipun walet punika gampil saged garing manawi kènging angin.[2] Sapunika dipunkenal kalih jinising sarang manuk walet inggih punika sarang manuk walet ingkang dipunpanèn wonten ing gowa-gowa lan sarang manuk walet ingkang dipunpanèn wonten ing payon umah-umah tuwa, ingkang asring dipunsebut sarang manuk walet umahan.[2]Manuk Walet ingkang damel sarangipun wonten payon umah tuwa asring sampun dipunbudidayaake kaliyan kulawarga utawa perusahaan ingkang nglakoaké bisnis sarang manuk walet.[2]

Asal usul sarang manuk walet[besut | besut sumber]

Asal usul wonten ing ngandhap punika kagolong sarang manuk walet gowa utawi sarang manuk ingkang dipunkasilaken kaliyan walet kang papan panggénanipun wonten ing gowa-gowa. Wonten ing abad XVII Putri Sultan Kartosuro punika gadhah sakit keras.[3] Sampun kathah sanget tabib ingkang nambani nanging boten wonten khasilipun.[3] Wekdal punika raja ngimpi manawi putrinipun saged séhat malih manawi dipunobati kaliyan jamur watu.[3] Lajeng raja punika damel wara-wara sinten kèmawon ingkang saged nemoaken jamur watu punika bakal pikantuk bebungah saking raja.[3] Wonten ing wekdal punika kinten-kinten bulan Januari 1720 ingkang naminipun Sadrana mriksani manawi kathah sanget manuk mlebet wonten ing gowa pinggir Segara.[3] Salajengipun lurah kaliyan penduduk laladan punika mlebet wonten ing gowa punika.[3] Lurah lan penduduk punika madosi benda ingkang warnanipun pethak kados ta jamur watu ingkang dipunimpéaken raja.[3] Salajengipun benda kala wau punika dipunparingaken kaliyan Sultan Kartosuro.[3] Saksampunipun putri ngunjuk benda ingkang wujudipun kados jamur watu punika, keadhaanipun putri sansaya saé.[3] Amargi benda ingkang kados jamur punika asalipun saking manuk saéngga raja punika maringi nama benda punika dumados sarang manuk.[3] Amargi jasa-jasanipun Lurah Sadrana, Beliau dipunparingi hak nglola gowa ingkang kawontenan ing désa Karang Bolong Kabupatèn Kebumèn jawa Tengah.[3]

Upacara tradisi ngundhuh sarang manuk walet[besut | besut sumber]

Upacara tradisi ngundhuh sarang manuk walet punika upacara ingkang dipunsembahaké kanggé panguwaos segara kidul inggih punika Nyai Roro Kidul supados pikantuk perlindungan lan khasil ingkang langkung kathah lan saé ingkang gegayutanipun kaliyan ngundhuh sarang manuk walet punika. Ngundhuh sarang punika dipunkawontenaken kaping sekawan wonten ing satunggal taun. Upacara punika awujud tradisi masang janur, selamatan, masang krathilan, larung sesaji, wayang kulit, ketoprak, jaran lumping dan tayuban.[4]

Sarang manuk walet[besut | besut sumber]

Sarang manuk walet punika kadadosan saking idunipun walet ingkang ngandut aji gizi ingkang langkung saé.[5] Kadosta makaten amargi idunipun walet punika nggandut glyco-protéin ingkang ngrangsang pembelahan sel-sel wonten ing sistem kekebalanipun awak.[5] Kasil panalitèn punika madosi manawi aji ènérgi wonten ing idunipun walet punika per 100g sarang manuk inggih punika agengipun 345 kilokalori.[5] Total kadar protéinipun kirang langkung 85 persén kaliyan 0,3 persn lemak.[5] Mineral sanèsipun ingkang dipunkandut wonten ing sarang manuk walet inggih punika kalsium, zat besi, lan asem amino (amida, humin, arginin, sistin, histidin dan lisin).[5] Sarang punika gadhah tekstur gelatin (kados ta agar-agar), mambu kados ta tigan pethak, khasiatipun dadosaken kulit ingkang alus lan séhat.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1](diakses tanggal 20 September 2012)
  2. a b c d [2](diakses tanggal 22 September 2012)
  3. a b c d e f g h i j k [3](diakses tanggal 20 September 2012)
  4. [4](diakses tanggal 20 September 2012)
  5. a b c d e f [5](diakses tanggal 20 September 2012)