Roberto Azevêdo
| Roberto Azevêdo | |
|---|---|
| Dirèktur Jèndral Organisasi Padagangan Donya | |
| Wiwit linggih 1 September 2013 | |
| Sadurungé | Pascal Lamy |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | Roberto Carvalho de Azevêdo 3 Oktober 1957 Salvador, Bahia, Brasil |
| Warga nagara | Brasil |
| Bangsa | Brasil |
| Sisihan | Maria Nazareth Farani Azevêdo |
| Panggaota | Diplomat |
Roberto Carvalho de Azevêdo [a] (pangucapan ing basa Portugis: [ʁoˈbɛʁtu azeˈvedu]; lair 3 Oktober 1957; umur 68 taun), iku sawijining diplomat lan wakil Brasil ing Organisasi Padagangan Donya (WTO) wiwit taun 2008.[1] Nalika sasi Mèi 2013, dhèwèké kapilih minangka Dirèktur Jèndral Organisasi Padagangan Donya nggantèkaké Pascal Lamy.[2]
Karir
[besut | besut sumber]Roberto nggabung karo misi diplomatik Brasil nalika taun 1984 lan banjur tugas ing kadhutan Brasil ing Washington D.C. (1988-1991), Montevideo (1992–1994), lan ing Jenéwa (1997–2001).[1]
Roberto wis nglungguhi kalungguhan-kalungguhan iki:[1]
- 1995-1996: Wakil Kepala Staf Babagan Ékonomi kanggo Mantri Manca Negara
- 2001-2005: Kepala Unit Pangrampungan Sengketa
- 2005-2006: Dirèktur Dhépartemèn Urusan Ékonomi
- 2006-2008: Wakil Mantri Perekonomian lan Tèknologi.
Roberto iku salah sawijining négosiator kunci Brasil sajeroning masalah sengketa kapas Brasil-Amérikah Sarékat, sarta sajeroning paslisihan padagangan karo nagara-nagara liyané.[1] Dhèwèké uga dadi négosiator sing makili Brasil ing Ubengan Doha.
Cathetan
[besut | besut sumber]- ↑ "Azevedo" sawisé Basa Portugis Prajanjian Ortografi taun 1990
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d "Biography: Roberto Azevedo" (PDF). WTO. Dibukak ing 2013-05-07.
- ↑ "WTO names Roberto Azevedo as new head". BBC News Online. UK. 7 May 2013. Dibukak ing 2013-05-07.
| Jabatan diplomatik | ||
|---|---|---|
| Kang sadurungé Pascal Lamy |
Dirèktur Jèndral Organisasi Padagangan Donya 2013–saiki |
Isih njabat |