Reresik Désa Tunggul Wulung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Reresik Désa Tunggul Wulung menika salah satunggaling upacara adat tradhisional ing Dèsa Sendang Agung, Kapanewon Minggir, Kabupatèn Sléman, Daerah Istimewa Ngayogyakarta. Upacara menika dados wujud rasa syukur lan pinuwunan marang Gusti Kang Maha Agung supados paring berkah lan slamet tumrap masyarakat. Reresik Désa menika sampun didaptaraken dados asèt wisata kaliyan Kundha Kabudayan lan Wisata Kabupatèn Sléman.

Sajarah[besut | besut sumber]

Raden Tunggul utawi Ki Ageng Tunggul Wulung[1] menika putra Raden Sumirat utawi Bhre Pandanalas, inggih menika bojonipun Bhre Singopuro lan Bhre Kahuripan. Panjenenganipun miyos nalika Prabu Brawijaya III jumeneng nata. Nalika taun 1466-1468, Bhre Pandanalas jumeneng nata mandhegani Majapait kanthi jejuluk Prabu Brawijaya IV. Nalika taun 1468-1478, Bhre Kertabumi dados ratu ing Majapait. Bhre Kertabumi menika jejuluk Prabu Brawijaya V.[2] Panjenenganipun putra Prabu Rajasa Wardhana utawi Prabu Barawijaya II.

Nalika Majapait sirna, Ki Ageng Tunggul Wulung kang asmanipun Senapati Sabdajati Among Raga menika medal saking Majapait amargi mboten purun dados Islam. Ki Ageng Tunggul Wulung kaliyan estri, putra, uga para pandherekipun medal saking Majapit tumuju ing kilen. Tujuwanipun supados saget tebih saking para prajurit Demak.

Nalika lumaku tumuju kilen, Ki Ageng Tunggul Wulung dumugi ing Dhusun Diro, Sendang Agung, Sleman, sakmenika. Ki Ageng Tunggul Wulung banjur damel pesanggarahan kagem kaluwarganipun. Ing dhusun Diro menika wonten kalih tinggalan Ki Ageng Tunggul Wulung.[3] Sepindhah, Sendang Beji kang taksih dados setunggal kaliyan pesanggarahan. Kaping pindho, inggih menika cungkup. Cungkup menika sanes makam, nanging papan tapa Eyang Ismaya. Ing papan menika ugi wonten arca lembu kang asmanipun Sapi Gumirang. Sapi Gumirang menika miturut masyarakat Jawi narik grobagipun Dewi Sri kang kadangkala medhun ing jagat weneh kabegjan lan karaharjan tumrap para tani.

Ki Ageng Tunggul Wulung uga nggadhahi kalih batur kang asma Mbah Kelir lan Mbah Nanggul. Mbah Kelir menika dados asal-usul lan leluhur Dhusun Keliran lan Mbah Nanggul dados leluhur ing Dhusun Nanggulan. Mbah Kelir lan Mbah Nanggul disareaken wonten ing dhusunipun kiyambak-kiyambak lan dados pepundhen. Kalih dhusun menika kalebet ing désa Sendang Agung, Minggir, Sleman.

Ki Ageng Tunggul Wulung banjur mlampah tumuju kilen ajeng tapa. Papan menika dados Dhusun Dukuhan XIII, Sendang Agung, Minggir, Sléman.[4] Ing ngandhap wit Timoho kang tuwuh ing pinggir Lepen Praga menika nyuwun pitedah saking Gusti Kang Maha Kuwaos. Sabanjuripun, Ki Ageng Tunggul Wulung kaliyan kaluwarga, pendherek, lan ingon-ingonipun moksa.

Dumugi sakmenika, dinten Jemuwah Pon dipitadosi dados dinten nalika Ki Ageng Tunggul Wulung moksa.[5] Wonten kalih dalem ing situs Ki Ageng Tunggul Wulung. Dalem kaping sepindhah menika dados petilasan Ki Ageng Tunggul wulung lan dalem kaping kalih menika gadhahipun Nyai Dakinah, abdi kang ditresnani dening Ki Ageng Tunggul Wulung.

Ki Ageng Tunggul Wulung paring pitedah menawi saben Jemuwah Pon sesarengan kaliyan rerendhengan nalika panen ugi diwontenaken Reresik Desa utawi merti desa. Para warga taksih ngawontenaken upacara menika dumugi sakmenika. Ing upacara menika diwontenaken kagunan tayub lan ringgit kulit. Lakon ringgit menika Mikukuhan lan Sri Mulih/Boyong.

Tata Cara[besut | besut sumber]

Reresik Dèsa Tunggul Wulung menika diwontenaken saben Jemuwah Pon. Upacara menika diwontenaken dening masyarakat Dukuhan XIII, Sendang Agung, Minggir Sleman. Acara menika dados syukur masyarakat tumrap kasil panèn lan reresik dèsa.

Wulan Agustus menika dipilih dados wulan nalika acara diwontenaken. Dinten kan dipilih menika Jemuwah Pon. Menawi mboten wonten Jemuah Pon ing wulan menika, saget majeng utawi mundhur ing wulan saderenge utawi sabanjuripun Agustus[6]. Pilihan dinten menika uga saget dipindhah menawi Jemuwah Pon menika nemahi wulan Siyam utawi Sawal. Pilihan dinten menika diputusaken wonten ing rembug dhusun.

Acara menika ditumuti kaliyan sedaya warga ing Dhusun Dukuhan XIII. Mboten namung juru kunci, nanging uga masyarakat nyengkuyunga acara menika. Masyarakat gotong royong mbangun petilasan menika. Pikiran, daya, lan dana dados barang pokok kang saget disumbangaken dening masyarakat supados Reresik Dèsa Tunggul Wulung menika saget kaleksanan.[6]

Saderengipun dados acara Reresik Dèsa, namung diwontenaken acara sacekapipun. Ing dinten Jemuwah Kliwon kang sampun ditemtukaken masyarakat ngawontenaken genduren ing pasareyan Ki Ageng Tunggul Wulung lan griyanipun juru kunci. Juru Kunci menika taksih trah Ki Ageng Tunggul Wulung. Ing griyanipun juru kunci menika wonten pusaka (tombak lan keris). Ugi wonten gambar Ki Ageng Tunggul Wulung lan estrinipun, Raden Ayu Gandhung Mlati.

Saking taun 1999, Reresik Dèsa menika dipandegani dening Kundha Kabudayan lan Wisata Kabupatèn Sléman. Acara menika dados acara taunan wisata ing Kabupatèn Sléman. Acara menika ditata kados mekaten:

  1. Ing dalu Jemuwah Pon mendhet toya ing Sendang Beji. Toya menika diinepaken wonten griyanipun juru kunci.[7] Setunggal dalu menika diwontenaken acara tirakatan sinambi mirengaken uyon-uyon saking warga dhusun.
  2. Jemuwah Pon enjing wanci jam 09.00 diwontenaken uyon-uyon dumugi salat Jemuwah.
  3. Wanci jam 13.00 siyang kirab prajuritan saking griyanipun juru kunci tumuju ing Balé Dèsa Sendang Agung. Kirab prajurit menika ugi mbeta pusaka Ki Ageng Tunggul Wulung lan pusaka warga. Toya kang dipundhut saking Sendang Beji uga dikirab.
  4. Margi kirab menika uga saget saking Sendang Beji, Brajan, Ngenthak, Timoho, Balé Dèsa Sendang Agung, Bekelan, Tengahan, Dukuhan, lan Timoho (pasareyan).
  5. Menawi dugi wonten ing balé dèsa dipun tampi dening Lurah Sendang Agung. Kirab menika lajeng tumuju griyanipun juru kunci kanthi iringan prajurit Majapaitan, kasepuhan, tamu-tamu papréntahan, sajén tumpeng/gunungan arupa pangan mentah utawi mateng.[8] Gunungan menika kados dene gunungan kraton, kang dados wujud rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwaos kang arupa wulu wetuning bumi.
  6. Sasampunipun dumugi ing griya juru kunci, rombongan ditampi dening juru kunci. Juru kunci mbeta kalih piranti sesajen lan genduren. Setunggal dibeta ing pasareyan Ki Ageng Tunggul Wulung lan liyanipun ditinggal wonten griya. Sajen lan genduren menika dipun dongaken dening juru kunci dados unjuk syukur marang Gusti Kang Maha Kuwaos lan rasa kurmat tumrap Ki Ageng Tunggul Wulung.[9] Sajen menika kados ing ngandhap:

a. Sega wuduk kang ditujuaken marang para leluhur

b. Ingkung, pralambang nalika menungsa taksih jabang bayi lan pasarah marang Gusti Kang Maha Agung

c. Jajan pasar, pralambang supados masyarakat angsal berkah lan karaharjan.

d. Gedhang raja, pralambang supados ing gesang manungsa angsal kamulyan

e. Sega ambengan lan gorengan, dados pangucap syukur marang Gusti Kang Maha Agung.

f. Jenang, kang arupa jenang pethak lan jenar (pralambang bapa lan biyung) uga jenang palang (tolak bala).

g. Tumpeng, kang arupa tumpeng lanang (pralambang Gusti Kang Maha Agung) lan tumpeng wadon (pralambang kurmat marang leluhur) kang ukuranipun radi alit

7. Sabanjuripun gedhuren banjur dipara sesarengan pralambang ngalap berkah kados dene Sekatèn ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Sasampunipun acara gendhuren ing Pasareyan Ki Ageng Tunggul Wulung, gendhuren uga diwontenaken ing griyanipun juru kunci. Gendhuren menika didongaken dening rois/kaum. Gendhuren menika wujud syukur marang berkah kang sampun diparingaken saking Gusti Kang Maha Agung. Gendhuren menika banjur diwenehaken dening masyarakat kang wonten ing acara menika. Gunungan ing griyanipun juru kunci uga direbutaken.[5] Gunungan menika kangge ngalap berkah tumrap Gusti Kang Maha Agung lumantaran Ki Ageng Tunggul Wulung.[10]

8. Acara sabanjuripun inggih menika juru kunci nyiprataken toya Sendang Beji ing para masyarakat. Menika dados pratanda menawi tayub diwiwiti.[11] Saderengipun tayub diwiwiti uga dipunedaraken "arak" tumrap para penonton. Arak ing sakmenika digantos migunakaken teh utawi unjukan soda. Tayub menika dipara dados kalih wekdal. Kaping sepindah, penayub jogéd piyambak tanpa diibing utawi tanpa jaler. Miturut kapitadosan penayub menika ditayub dening Ki Ageng Tunggul Wulung. Joged menika dados joged kang sakral. Penayub menika jogedan gambyong kairingan Gendhing Sekar Gadhung. Sasampunipun setunggal Sekar Gadhung pungkasan, penayub angsal lenggah wonten ing sisihipun juru kunci. Penayub menika nonton penayub liyanipun. Para penayub menika angsal diibing penonton menawi saget sopan. Tayuban menika bubar menawi wanci Magrib.

9. Wanci dalu dilajengaken ringgit kulit. Lakon menika saget Sri Mulih, Mikukuhan, lan lakon-lakon liyanipun kang tasih magepokan lkaliyan merti desa menika.[12]

Lakon Mikukuhan menika nyariosaken Prabu Dremikukuhan, Raja Medang Kamulan kang saget nandhur wiji kang diparingaken dening Hyang Narada (wiji dhukut sewu utawi pari) lan saget nyebar ing dèsa-dèsa. Mboten namung nandur lan nyebar, nanging uga njagi tanduran menika saking ama lan penyakit. Semanten ugi Hyang Indra paring gamelan Sulendra (slendro) marang Prabu Mikukuhan kados pangucap sukur tumrap para jawata lan makmuripun Medang Kamulan.

Lakon Sri Mulih nyariosaken nalika Amarta, negarinipun Pandawa wonten ing ungsum ketiga kang dangu. Ala lan durjana wonten ing negari menika. Bebendu lan luwe uga ing negari Amarta. Ing Kraton, ratu lan para nayaka menika mboten saget tumindhak menap-menapa.

Ing satunggaling wayah, Prabu Kresna, paring dhawuh marang Prabu Yudhistira, Ratu Amarta supados madosi Sang Hyang Sri. Namung karawuhan Dewi Sri kang saget mbalekaken karaharjan ing Amarta. Prabu Yudhistira banjur ngutus para satria ing Amarta. Nanging, menika mboten saget kanthi dalan kang gampil.

Satria kados Gathutkaca, Setyaki, lan Arjuna mboten saget numpas raja angkara menika. "Namung Satria kang suci, gadhah ati nurani, lan wantun kang saget mbeta Sri kundur", dhawuh Prabu Kresna. Satria salajengipun inggih menika Bambang Praba Kusuma, putranipun Arjuna kang saget nuntasaken tugas menika. Bambang Praba Kusuma saget mbeta Dewi Sri ing Amarta. Amarta banjur makmur malih.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Akkeren, Philip van (1994). Dewi Sri dan Kristus: Sebuah Kajian tentang Gereja Pribumi di Jawa Timur. Jakarta: BPK Gunung Mulia. kc. 208.
  2. App (2017-09-17). "Masyarakat Desa Sendangagung Ikuti Upacara Adat Ki Ageng Tunggul Wulung". TribunJogja.com. Dibukak ing 2023-02-24.
  3. App (2017-09-17). "Masyarakat Desa Sendangagung Ikuti Upacara Adat Ki Ageng Tunggul Wulung". TribunJogja.com. Dibukak ing 2023-02-24.
  4. App (2017-09-17). "Masyarakat Desa Sendangagung Ikuti Upacara Adat Ki Ageng Tunggul Wulung". TribunJogja.com. Dibukak ing 2023-02-24.
  5. a b Ditwdb (2019-10-17). "Upacara Adat Tunggul Wulung (1)". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.
  6. a b c Ditwdb (2019-10-17). "Upacara Adat Tunggul Wulung (2)". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.
  7. Sleman, MC Kabupaten (2019-08-29). "Warga Desa Sendangagung Gelar Merti Desa Ki Ageng Tunggul Wulung". InfoPublik. Dibukak ing 2023-02-24.
  8. Dekhi (2019-11-07). "Upacara Adat Tunggul Wulung di Sendangagung Minggir". Dinas Kebudayaan Kundha Kabudayan Kabupaten Sleman. Dibukak ing 2023-02-24.[pranala mati permanèn]
  9. Ditwdb (2019-10-17). "Upacara Adat Ki Ageng Tunggul Wulung (1)". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.
  10. Sleman, MC Kabupaten (2023-02-24). "Warga Desa Sendangagung Gelar Merti Desa Ki Ageng Tunggul Wulung". InfoPublik. Dibukak ing 2016-08-29.
  11. Sleman, MC Kabupaten (2019-08-29). "Warga Sendangagung Gelar Merti Desa Ki Ageng Tunggul Wulung". InfoPublik. Dibukak ing 2023-02-24.
  12. Ditwdb (2019-10-17). "Upacara Adat Tunggul Wulung". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.