Pulo Doom

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Pulo Doom ya iku salah sijing pulo kang ana ing Provinsi Papua Kulon. Pulo Doom iki lokasiné ana ing Kutha Sorong, Papua Kulon lan laladan iki isih kalebu subbagian laladan Raja Ampat. Pulo Doom iki padha karo Raja Ampat, ya iku kanggo dèstinasi wisata kang ditekani déning para wisatawan lokal utawa saka mancanagara amarga pasawangané kang apik lan isih asri. Pulo iki jembaré 5 kilomèter persegi.[1] Pulo Doom iki nduwèni daya tarik kang bisa nrenyuhaké masarakat Indonésia amarga cathetan sajarah saka Pulo Doom iki. Pulo iki didadekaké salah sijining wisata sajarah kang ana ing Papua Kulon.[2] Masarakat asli ing Pulo Doom ya iku masarakat Suku Malamooi. Suku Malamooi nyebut jeneng Pulo Doom iki Pulo Dum kang tegesé laladan kang akèh woh-wohané. Suku Malamooi njenengi Pulo Dum amarga akèh woh-wohan kang thukul ana ing Pulo Doom. Woh-wohan kang paling akèh ing Pulo Doom ya iku sukun.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Pulo Doom, 1955

Pulo Doom wis mulai dikenal déning masarakat nalika jaman penjajahan Walanda. Nalika taun 1800-an, Walanda wis mulai nuduhaké kawigatèn marang pulo iki lan mulai nduwèni gambaran yèn Pulo Doom bisa didadekaké kutha. Ing taun 1935, amarga gambaran iku, pamaréntah Walanda ndadèkaké Pulo Doom dadi pusat pamaréntahan Kutha Sorong kang dijenengi Onderafdeling. Miturut cathetan sajarah, ing jaman Walanda lan Jepang, Pulo Doom iki nyimpen sawetara barang tinggalan sajarah. Nanging, barang-barang tinggalan sajarah kang kasimpen ana ing Pulo Doom uwis padha ilang lan ora bisa ditemokaké. Saliyané barang-barang tinggalan sajarah, ing Pulo Doom uga ana guwa tinggalan Jepang lan wangunan Walanda kang biyèn tau dibangun déning para tentara Walanda kang ana ing dhaérah Pulo Doom.[3]

Pulo Doom kondhang ing masarakat Kutha Sorong amarga ing jaman Walanda pulo iki salah sijining dhaérah tilas pusat pamaréntahan nagara Walanda ing wilayah Indonésia Wétan nalika Perang Donya II pecah.[2] Nalika Perang Donya II uga, Jepang teka ing Pulo Doom lan ngadegaké guwa kanggo basis pananggulang utawa bunker. guwa kang diyasa déning pamaréntah Jepang ora mung siji. Pamaréntah Jepang ngadegaké pirang-pirang guwa ing Pulo Doom amarga akèh bukti kang nuduhaké yèn ana akèh guwa kang diyasa pamaréntah Jepang lan ditemokaké ing Pulo Doom.[3]

Ing jaman pamaréntahan Walanda, Pulo Doom kuwi dadi laladan kang paling maju tinimbang Kutha Sorong amarga wis akèh pembangunan ing kana. Fasilitas-fasilitas ing Pulo Doom uga wis mulai maju tinimbang fasilitas ing Sorong. Saliyané kuwi, infrastruktur lan listrik uga wis ana kawit jaman pamaréntah Walanda. Amarga wis ana listrik ing Pulo Doom sadurungé listrik ana ing Sorong, Pulo Doom iki kondhang minangka laladan kang paling padhang saéngga masarakat ing kana nyebut Pulo Doom minangka Pulau Bintang.[3]

Fasilitas[besut | besut sumber]

Masarakat ing Pulo Doom iki wis nduwèni alat utawa tèknologi canggih saka pamaréntah kang bisa malih lan ngolah banyu asin saka segara dadi banyu kang bisa diombé déning masarakat. Masarakat Pulo Doom nduwèni putusan kanggo ngowahi banyu segara dadi banyu kan bisa diombé amarga ing Pulo Doom iku isih kalebu dhaérah kang kurang sumber banyu resik lan bisa aman diombé déning masarakat ing Pulo Doom. Amarga prakara iku, ana tèknologi saka UPTD Air Minum Sorong kang bisa ngéwangi masarakat supaya bisa ngombé banyu kang séhat lan resik. Mesin kang dianggo ngowahi banyu segara dadi banyu resik kang bisa diombé iku bisa ngasilaké akèh banyu kang bisa dikonsumsi déning masarakat. Mesin kasebut bisa ngasilaké tekan 9.000 liter banyu resik saben jam. Saliyané iku, mesin kang digunakaké kanggo ngowahi banyu segara dadi banyu resik iku wis diuji aman lan bisa ngasilaké banyu resik kanggo ngombé masarakat ing Pulo Doom. Sadurungé ana alat kang canggih kuwi mau, masarakat Pulo Doom kudu lunga menyang Kutha Sorong numpak kapal kanggo njupuk banyu resik amarga ing Pulo Doom ora ana sumber banyu kang resik kang aman dikonsumsi déning masarakat.[4] Fasilitas kang ana ing Pulo Doom awujud mesin kanggo ngolah banyu laut dadi banyu resik iku bisa gawa kabegjan kanggo masarakat. Sadurungé ana fasilitas kuwi, masarakat kudu bayar Rp50.000 kanggo tuku banyu resik ing Sorong. Nanging, sawisé ana fasilitas mesin kanggo ngolah banyu segara dadi banyu resik kuwi, masarakat mung bayar Rp5000 wis olèh banyu akèh lan ora perlu lunga nyabrang menyang Kutha Sorong manèh. Pamaréntah nyediakaké fasilitas kuwi amarga prihatin marang masarakat Pulo Doom kudu nyabrang menyang Sorong lan kudu bayar larang kareben olèh banyu resik.[5]

Fasilitas liyané kang ana ing Pulo Doom ya iku uga ana wangunan sekolah. Wangunan sekolah kang ana ing Pulo Doom kuwi bekas wangunan kunjara nalika jaman Walanda biyèn. Kunjara kuwi kanggo nahan tawanan tentara Walanda. Amarga wis ora dianggo manèh, kunjara kasebut didadekaké sekolah déning pamarèntah. Sekolah kang dimaksud ya iku SMA Negeri 4 Doom. Sadurungé ana fasilitas SMA iki, bocah-bocah Pula Doom yèn wis lulus saka SMP kudu lunga saka Pulo Doom lan sekolah ana ing Kutha Sorong amarga ing Pulo Doom durung ana wangunan SMA. Saka prakara kuwi, pamaréntah mulai mbukak SMA ing Pulo Doom. Nanging, amarga ora ana manèh wangunan kosong kang bisa dianggo ing kana, pamaréntah nduwé kebijakan yèn wangunan bekas kunjara Walanda kuwi kang didadèkaké wangunan kang saiki dadi SMA Negeri 4 Doom. Anané wangunan SMA kuwi, para bocah kang wis lulus SMP ing Pulo Doom ora perlu manèh lunga nyabrang menyang Kutha Sorong kanggo nerusaké sekolah SMA.[6]

Administrasi[besut | besut sumber]

Pulo Doom isih kelebu ing Kecamatan Kutha Sorong utawa distrik Sorong Kepulauan, Kutho Sorong, Papua Kulon. Jarak saka Kutha Sorong menyang Pulo Doom iki mung 3 kilomèter saka pelabuhan. Pulo Doom nduwèni kelurahan kang dibagi dadi loro, ya iku Kelurahan Doom Kulon lan Doom Wétan. Kelurahan Doom Kulon dibagi manèh dadi 3 RW lan 10 RT. Kelurahan Doom Wétan uga dibagi dadi 3 RW lan 14 RT. Kelurahan Doom Kulon lan Doom Wétan kuwi ora mung ana ing Pulo Doom waé, nanging laladan pamaréntahané uga ing puo-pulo cilik ing sakubengé Pulo Doom. Cacahé wong kang dedunung ing Pulo Doom iki kalebu akèh, ya iku 8.993 jiwa. Wong kang dedunung ing Pulo Doom kuwi mau isih dibagi Doom Kulon cacahé 5.363 jiwa lan Doom Wétan 3.630 jiwa. Ing Pulo Doom ana wangunan sekolah TK, SD, SMP, lan SMA.[7]

Tata kutha lan laladan[besut | besut sumber]

Laladan ing Pulo Doom iki tinggalan saka pamaréntah Walanda. Tata kutha lan laladan ing Pulo Doom iki isih padha karo nalika jaman pamaréntah Walanda ngerèh ing Pulo Doom. Nalika taun 1950, pamaréntah Nuigini-Walanda ndadèkaké Pulo Doom dadi pusat pergudangan lan pelabuhan dedagangan ing Sorong. Masarakat ing Pulo Doom bisa ngrasakaké kepiyé para pejabat pamaréntah Walanda nalika nata kutha lan laladan ing Pulo Doom. Tata kutha ing Pulo Doom iki ora bedha karo apa kang wis ditinggalaké déning pamaréntah Walanda biyèn. Pamaréntah Walanda anggoné nata kutha lan laladan iki padha karo laladan ing Batavia lan Surabaya. Sesawangan ing Pulo Doom iki ora bedha karo sesawangan ing Batavia lan Surabaya ya iku padhang lan akèh lampu-lampuné.[8]

Ing Pulo Doom uga ana lapangan bal-balan bekas tinggalan Walanda lan ana wangunan awujud gedung kang dijenengi Gedung Kesenangan. Gedung Kesenangan kuwi digunakaké kanggo kagiyatan para tentara Walanda nalika wis rampung nglakokaké pagawéyané. Para serdadu lan tentara Walanda biyasané nganggo Gedung Kesenangan kanggo lèyèh-lèyèh, renang, tenis, pesta, lan dansa. Gedung Kesenangan bekas tinggalan Walanda kuwi panggonan kanggo sarana panglipur para tentara Walanda. Saliyané Gedung Kesenangan uga dibangun omah-omah dinas para pejabat Nuigini-Walanda lan sumur kanggo nyaluraké banyu menyang omah-omah pejabat ing mburi kantor Hoofd van Plaatselijk Bestuur utawa saiki dadi Kantor Distrik Sorong Kepulauan.[8]

Transportasi[besut | besut sumber]

Wisatawan kang arep menyang Pulo Doom iki biyasané mangkat saka Kutha Sorong numpak kapal suwéné 15 menit lan bayar Rp4.000. Ing Pulo Doom, wisatawan bisa mubeng-mubeng ana ing sakubengé pulo iki nganggo becak kang wis disadhiyakaké ing kana. Becak dadi pilihan transportasi ing Pulo Doom amarga ukuran pulo kang cilik lan bisa diubengi mung numpak becak wisata. Becak-becak wisata kang ana ing Pulo Doom dudu becak biyasa kang ana ing dalan. Nanging, becak-becak wisata kang ana ing kana ya ikut becak-becak kang wis dihias kanggo narik kawigatèn wisatawan Pulo Doom. Becak-becak wisata padha dihias lan didadèkaké transportasi kang bisa dadi panglipur para wisatawan. Becak dimodifikasi, dicat nganggo warna kang macem-macem, lan ing njero becak disetel lagu-lagu supaya dadi sarana panglipur lan wisatawan padha kepencut lan nganggo jasa becak kanggo mubeng-mubeng Pulo Doom. [9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Media, Kompas Cyber. "Keindahan Lain di Pulau Kepala Burung Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-21. 
  2. a b "Wisata Sejarah di Pulau Doom Sorong". Republika Online. 2018-03-10. Dijupuk 2019-12-22. 
  3. a b c d "Pulau Doom, 'Kota Belanda' yang Hilang di Papua Barat". kumparan (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-22. 
  4. developer, mediaindonesia com (2016-10-17). "Pulau Doom Olah Air Laut Jadi Air Minum". mediaindonesia.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-23. 
  5. developer, mediaindonesia com (2017-10-25). "Masyarakat Pulau Doom Sorong Konsumsi Air Laut". mediaindonesia.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-23. 
  6. "Menelusuri Penjara Angker Peninggalan Belanda yang Kini Jadi Sekolah". kumparan (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-23. 
  7. "BPS Kota Sorong". sorongkota.bps.go.id. Dijupuk 2019-12-24. 
  8. a b Media, Kompas Cyber. "Menelusuri Kota Tua Ala Belanda Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-24. 
  9. "Becak di Pulau Doom, Papua Barat: Bisa Jalan-jalan Sambil Berdisko". kumparan (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-23.