Menyang kontèn

Prau dlajah Jepang Atago

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Prau dlajah Jepang Atago, taun 1932.

Prau Atago (愛宕?) iku prau dlajah abot klas Takao[1] kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Aran prau iki saka jenengé Gunung Atago ing Préfèktur Kyoto, Jepang.

Atago kapernahaké rikala 28 April 1927 ing Kure, Hiroshima déning Astragara Wadya Sagara Kure; banjur kababar rikala 16 Juni 1930. Prau iki kinepyakaké rikala 30 Maret 1932 ing pamangkuné kolonèl Kenichi Sada[2]. Prau iki kèrem rikala 23 Oktober 1944 cedhak Palawan (09°28′N 117°17′E / 9.467°N 117.283°E / 9.467; 117.283).[3]

Réferensi

[besut | besut sumber]
  1. ↑ Jentsura, Hansgeorg (1976). Warships of the Imperial Japanese Navy, 1869-1945. Naval Institute Press. ISBN 0-87021-893-X.
  2. ↑ Toyama, Misao (2005). 艦長たちの軍艦史. Kojinsha. ISBN 4-7698-1246-9.
  3. ↑ Hackett, Bob. "HIJMS ATAGO: Tabular Record of Movement (Combinedfleet.com)". www.combinedfleet.com.

Wacan liyané

[besut | besut sumber]